Nattō
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Natto lan okra Sushi
Nattō (納豆?) yaiku panganan tradhisional Jepang kang digawe saka wiji kedhelé kang difermentasi. Nattō padatan kanggo sarapan. Nattō kalebu panganan kan ngandhut protein akeh nanging uga nduwe ambu kang kuwat. Ing Jepang, nattō paling kawentar iku ing tlatah Kanto wetan.
Nattō padatan dipangan karo sega anget lan dicampur kecap asin. Ing Hokkaido lan Tohoku lor, nattō disuguhake karo gula. Nattō uga dipigunakake kanggo panganan liya kayata nattō sushi, nattō toast, ing sup miso, salad, okonomiyaki, disuguhake bebarengan karo spaghetti, utawa digoreng. Nattō kang digaringake bisa dipangan minangka jajanan utawa gadhon. Saliyane iku uga ana ès krim nattō.
Pirsani galeri bab Nattō ing Wikimedia Commons.