Mila Rodino
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Mila Rodino ("Мила Родино", basa Inggris "Dear Motherland" utawa "Dear native land") iku Lagu kabangsané negara Bulgaria. Lagu iki dhasaré saka musik lan tèks lagu "Gorda Stara Planina" anggitan Tsvetan Radoslavov, diréka nalika arep maju perang Serbia-Bulgaria ing taun 1885. Lagu kabangsan iki diresmèkké taun 1964. Tèks-é wis diowahi bola-bali, pungkasané ing taun 1990.
Antara taun 1886 lan 1944, Lagu Kabangsan Bulgaria yakuwi Shumi Maritsa ("Шуми Марица").
[sunting] Tèks
| Мила Родино (Bulgarian Cyrillic) |
Mila Rodino (Transliteration) |
Dear Motherland (English translation) |
|---|---|---|
|
Горда Стара планина, Припев: Паднаха борци безчет |
Gorda Stara planina, Pripev: Padnaha bortsi bezchet |
Stately Stara planina, Refrain: Countless fighters fell |
[sunting] Alih Basa
- Kanggo Ibu Pertiwi
- Negaraku Gunung Tuwa
- Jèjèré kinclongé Kali Dunav,
- Srengéngé sumunar ing (tlatah) Thrace
- Mencorong sakdhuwuring pagunungan Pirin
- Refrain
- Kanggo ibu pertiwi
- swarga ing donya
- sulistyamu, pesonamu,
- ah, ora ana watesé.
- (ping pindho)
- Ora kétung pejuang gugur
- kanggo negri sing ditresnani,
- Ibu, wènèhi kita kakuwatan
- kanggo nerusaké laku.

