Mehmed II
| Sultan Turki | |
|---|---|
| Pamaréntahan | 1444–46 |
| Pamaréntahan 2 | 1451–81 |
| Periode | Rise of the Ottoman Empire |
| Nami jangkep | Fatih Sultan Mehmet |
| Turki Ottoman | محمد ثانى |
| Didhisiki | Murad II |
| Pangganti | Murad II |
| Didhisiki 2 | Murad II |
| Pangganti 2 | Bayezid II |
| Omah krajan | House of Osman |
| Dinasti | Dinasti Utsmani |
| Valide Sultan | Hüma Hatun |
Sultan Mehmed II utawi ugi dipuntepangi minangka Muhammad Al-Fatih (basa Turki Ottoman: محمد ثانى Meḥmed-i sānī, basa Turki: II. Mehmet, ugi dipuntepangi minangka el-Fatih (الفاتح), "sang Penakluk", salebetipun basa Turki Usmani, utawi, Fatih Sultan Mehmet salebetipun basa Turki; 30 Maret 1432 – 3 Mei 1481) arupi satunggiling sultan Turki Utsmani ingkang nelukaken Kakaisaran Romawi Wétan. Panjenenganipun pakar salebetipun bidhang katentaraan, sains, matématika lan nguwaosi 6 basa nalika yuswa 21 taun. Saking paningalan Islam, panjenenganipun dipuntepangi minangka satunggiling pamimpin ingkang linangkung, pilih tandhing, lan tawadhu' sasampunipun Sultan Salahuddin Al-Ayyubi (pahlawan Islam salebetipun perang Salib) lan Sultan Saifuddin Mahmud Al-Qutuz (pahlawan Islam salebetipun perang ing 'Ain Al-Jalut nglawan tentara Mongol).
Kajayanipun salebetipun nelukaken Konstantinopel nyebabaken kathah réncang lan mengsah éram kaliyan kapampinanipun sarta taktik lan strategi perangipun ingkang dipunwedharaken nglangkungi ing jamanipun lan ugi kaédah pamilihan tentaranipun. Panjenenganipun arupi anak dhidhik Syekh Syamsuddin ingkang tasih arupi keturunan Abu Bakar As-Siddiq.
Panjenenganipun ugi ingkang nggantos nami Konstantinopel dados Islambol (Islam sedaya). Sapuniki nami kasebat sampun dipun gantos déning Mustafa Kemal Ataturk dados Istanbul. Kanggé mèngeti jasanipun, Masjid Al Fatih sampun dipun wangun caket pasaréyanipun.
Dipun cariyèosaken bilih tentara Sultan Muhammad Al Fatih boten naté nilar salat wajib wiwit baligh lan sepalih saking tentara wau boten naté nilar salat tahajjud wiwit baligh. Namung Sulthan Muhammad Al Fatih kémawon ingkang boten naté nilar salat wajib, tahajud lan rawatib wiwit baligh dumugi panjenenganipun tilar donya.
Pranala njawi [sunting]
- Biography page at OttomanOnline
- Contemporary portraits
- Chapter LXVIII: Reign Of Mahomet The Second, Extinction Of Eastern Empire by Edward Gibbon
| Didhisiki déning: Murad II Murad II |
Sultan Utsmaniyah 1444–46 1451–81 |
Diganti déning: Murad II Bayezid II |