Mata angin
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Bab lan Paragraf |
Pambuka[sunting]
Mata angin iku pedoman kanggo nentu'ake arah sing umum dienggo ing kegiatan sing ana hubungane karo navigasi karo peta.
- Arah Lor (0°)
- Arah Lor-Wétan (45°): Anane iku antara lor karo wetan
- Arah Wétan (90°)
- Arah Kidul-Wétan (135°): Anane iku antara kidul karo wetan
- Arah Kidul (180°)
- Arah Kidul-Kulon (225°): Anane iku antara kidul karo kulon
- Arah Kulon (270°)
- Arah Lor-Kulon (315°): Anane iku antara lor karo kulon
Perangkat sing umum dienggo kanggo nentu'ake arah mata angin iki diarani kompas.
Cara nemtokaké arah[sunting]
Akèh cara kanggo nemtokaké arah mata angin, nganggo perangkat kompas iku salah sijiné, cara liyané yakuwi:
Nganggo pedoman srengéngé[sunting]
Srengéngé mlethèk ing sisih wétan, lan angslup ing arah kulon.
Nganggo pedoman alam[sunting]
Antara liya nganggo pathokan rasi lintang Waluku utawa lintang Gubuk Pèncèng ( Basa Indonésia : Biduk Selatan). Garis sing ditarik saka sikilé rasi lintang Waluku nuduhaké arah kidul.
Arah liya[sunting]
- Tengen
- Kiwa
- Ndhuwur
- Ngisor
- Sisih
- Arah jam, kanggo nuduhaké arah marang wong liya (luwih kerep dianggo jroning lingkungan tentara utawa militèr) kanthi migunakaké arah pandom jam. Tuladha: Coba delengen arah jam 2, tegesé supaya wong iku ndeleng arah 15 o manengen saka arah panduluné. Arah sing persis ana ngarep diarani arah jam 12, arah tengen (arah 90o) diarani arah jam 3, arah kiwa utawa arah 270 o diarani arah jam 9, mangkono saterusé kayadéné arah pandom jam.
Uga pirsani[sunting]
|
|||||