Masakan Austria
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 98 dinten 1095 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Masakan Austria (Österreichische Küche) inggih punika jènis kulinèr khas Austria lan katah dipunpéngaruhi kaliyan kulinèr Kekaisaran Austro-Hongaria ing jaman biyen[1]. sanèsipun punika katah ugi pengaruh-pengaruh saking masakan négari-négari sanès kadasta Italia, Hongaria, Jèrman lan négara-négara Balkan ingkang ndamél masakan Austria dados unik lan gadahi pengaruh ing Èropa [2].
salah satunggaling masakan ingkang misuhur inggih punika Wiener Schnitzel, dipunngendikaaken mlebet saking Milan, Italia ing abad ke-16.
Masakan Austria dipunasosiasiken kaliyan masakan saking wilayah ibukota, masakan Wina, sanesipun saking variasi masakan-masakan daerah.
Bab lan Paragraf |
Masakan terkenal dari Vienna[sunting]
- Rindsuppe (sup daging sapi) sup jernih kaliyan warni keemasan.
- Tafelspitz, daging sapi ingkang dipun godhok ing kaldu, lan dipunsajaiken kaliyan saus apel lan lobak.
- Gulasch, hotpot ingkang sami kaliyan pörkölt saking Hongaria - Masakan punika dipunmadhang kaliyan rolls, roti utawi pangsit ("Semmelknödel").
- Beuschel, daging cincang ingkang kadamel saking paru lan hati sapi mudi.
- Liptauer, selai keju pedes ingkang dioleske ing roti.
- Selchfleisch, daging asap ingkang sampun dimasak kaliyan Sauerkraut lan pangsit.
- Powidl, selai kentel lan pedes ingkang kadamel saking buah plum.
- Apfelstrudel, kue (strudel) isi apel
- Topfenstrudel, strudel krim keju.
- Palatschinken, panekuk ingkang arupa kaliyan Crêpes Perancis, diisi kaliyan selai, gendhis lan sanesipun.
- Kaiserschmarrn, panekuk ingkang gadahi tekstur lembut ingkang kadamel saking adonan tepung lan ndok ingkang kacepeng kaliyan olesan mentega, lajeng dipunmadhang kaliyan saus cranberry.
- Germknödel, pangsit ingkang kadamel saking adonan tepung ingkang kacampur kaliyan biji poppy lan gendhis, kaisi kaliyan selai plum pedes lan lelehan mentega ing inggil, lajeng dipunsajiken kaliyan krim vanila.
Daging[sunting]
Daging ingkang katah dipunkonsumsi warga Austria inggih punika daging babi, sapi lan pitik. Masakan Wiener Schnitzel tuladhane, kadamel saking daging anak lembu. ing kuliner Austria, sedaya bagian daging babi dipuginakaken, kagolong moncong lan samparanipun. Tukang daging Austria ngetok daging secara mliginipun kangge ngasilaken bagian-bagian katamtu, tuladhane "Tafelspitz" (daging sapi), lan "Fledermaus" (daging babi), ingkang dipunparingi asma amargi bentukipun sami kaliyan kelelawar. Masakan Austria ginaaken katah jenis sosis, kadasta "Frankfurter", "Debreziner", utawi "Burnwurst", "Blunzn" ingkang kadamel saking getih babi lan "Grüne Würstl" ingkang warninipun ijem . Sosis kasebut ijem amargi dipungaringaken lan dipunkonsumsi kanthi cara dipunrebus. ing Austria, bacon dipunparingi asma Speck, lan saged dipunasep, diasinaken, dibumbui lan sanesipun.
- Schweinsbraten, inggih punika babi panggang kaliyan pangsit Semmelknödel lan salad kol.
Kasil Buruan[sunting]
Austria gadahi tradisi mbebedag ingkang sampun lami. kewan-kewan kasil buruan ingggih punika dados mekaten. Masakan kasil buruan dipunsajiaken ing restoran-restoran ing musim gugur bersaman jangan-janganan lan buah-buahan musiman.
- Rusa, "Hirsch"
- Babi hutan, "Wildschwein"
- Rusa Roe, "Reh"
- Rusa Fallow, "Dammhirsch"
- Kelinci coklat, "Hase/Feldhase"
- Kuau, "Fasan"
- Itik, "Ente"
- Ayam hutan coklat, "Rebhuhn".