Macan Jawa
| Macan Jawa | |
|---|---|
| Foto Macan Jawa ingkang dipunpedhet ing taun 1938 | |
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| ordo: | Carnivora |
| kulawarga: | Felidae |
| Genus: | Panthera |
| Species: | P. tigris |
| Subspecies: | P. t. sondaica |
| Trinomial name | |
| Panthera tigris sondaica (Temminck, 1844) |
|
| Péta wewengkonipun Macan Jawa | |
Macan Jawa (Panthera tigris sondaica) inggih menika salah satunggalipun jinis sato macan ingkang gesang ing Pulo Jawa.[1][2] Macan menika dipunpratélakaken menawi sampun cures ing taun 1980-an, amargi dipunburu lan habitatipun ingkang ical amargi ngrembakanipun papan pertanian.[1] Wonten pawartos menawi Macan Jawa sampun cures watawis taun 1950-an, nalika wonten pawartos kinten-kinten macan menika namung kantun 25 cacahipun.[1] Ingkang pungkasan wonten pawartos menawi ing taun 1972 macan menika taksih wonten.[1] Ing taun 1979 wonten pratandha menawi macan menika taksih kantun tiga.[1] Kemungkinan alit Kéwan menika taksih déréng cures.[1] Ing taun 1990-an womten sawetawis lapuran bab taksih wontenipun kèwan menika, sanajan lapuran menika boten saged dipunklarifikasi.[1][2]
Ing pungkasanipun abad kaping 18, habitat Macan Jawa inggih menika wonten ing sedaya Pulo Jawa. Nalika taun 1850, kathah tiyang ingkang wiwit manggén ing dhaérah ingkang sejatosipun dados habitatipun Macan Jawa.[3] Wiwit taun 1940-an, Macan Jawa pindhah dhateng gugung lan wana.[3] Watawis taun 1970, Macan Jawa dipunmangertosi namung wonten ing wewengkon Gunung Betiri, gunung ingkang inggilipun 1.192 métér ing Pulo Jawa sisih kidul wetan.[3]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g (en)Bambang M. 2002. In search of 'extinct' Javan tiger. The Jakarta Post (October 30). dipunundhuh tanggal 29 Agustus 2011)
- ^ a b (id)Harimau jawa belum punah! (Indonesian Javan Tiger website) dipunundhuh tanggal 29 Agustus 2011)
- ^ a b c (en)[Seidensticker, J. (1987) Bearing Witness: Observations on the Extinction of Panthera tigris balica and Panthera tigris sondaica. In: Tilson, R. L., Seal, U.S. (eds.) Tigers of the World. Noyes Publications, New Jersey.]
Pranala Njawi [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.