Kevin Richardson (musisi)
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Kevin Richardson (musisi) | |
|---|---|
| Lair | 3 Oktober 1971 (umur 41) Lexington, Kentucky, U.S. |
Kevin Richardson jeneng dawané yaiku Kevin Scott Richardson, (lair ing Lexington, Kentucky, Amérika Sarékat, 3 Oktober 1972; umur 40 taun).[1] Dhèwèké yaiku sawijining penyanyi kang tau gabung karo grup musik wong nom, Backstreet Boys. Nanging ing taun 2006, dhèwèké metu saka grup musik iki.[2] Kevin, nalika isih sekolah, aktif ing kegiyatan téater lan kerep mèntasaké crita.[1] Dhèwèké gabung karo Backstreet Boys taun 1993 lan ninggalaké grup mau taun 1996, kanthi alesan kepéngin 'nerusaké uripé sajangkah manèh'.[1] Bintang film THE SPIRIT BEAR (2007) iki, banjur palakrama karo sawijining penari kang uga penari mburiné penyanyi Cher, Kristin Willits.[1]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ a b c d (id) kapanlagi.com Diundhuh tanggal 11 September 2011
- ^ (id) anneahira.com Diundhuh tanggal 11 September 2011