Backstreet Boys
| Backstreet Boys | |
|---|---|
| Latar wuri | |
| Asal | Orlando, Florida, AS |
| Génré | Pop, Pop Rock, Piano Rock |
| Taun aktif | 1993— present |
| Label | Jive Sony BMG |
| Situs wèb | www.backstreetboys.com |
| Anggota saiki | |
| Brian Littrell Nick Carter Howie Dorough A. J. McLean Kevin Richardson |
|
Backstreet Boys utawa kang luwih misuwur kanthi sinebut BSB yaiku salah sawijiné grup band Amérika Sarékat kang kabèh anggotané saka wong Amérika keturunan kulit putih.[1] Backstreet Boys iki nyanyèkaké jenis musik hibrida anyar jack balladry, hip-hop, R & B, lan tari pop klub kang wiwitané misuwur ing Kanada dan Eropa.[1] Ing taun 1996, BSB nguwasani Sepuluh Top album ing saben negara ing Benua Amérika.[1]
[sunting] Karir Backsreet Boys
April 1993 : Brian Littrell sepupu Kevin Richardson kang kala kuwi isih SMP, gabung marang grup iki karo Nick Carter, Aj McLean lan Howie Dorough.[2] Kelompok iki diarani Backstreet Boys, salah sawijiné kelompok kang duwéni basis ing Orlando.[2] Jenéng Backstreet dijupuk saka jenéng panggonan mudha-mudhi nongkrong kang diarani Pasar Backstreet.[2]
1994 : Backstreet Boys nandatangani kontrak rekaman karo Jive Record.[2]
Oktober 1995 : We've Got It Goin 'On, single(lagu tanpa album) kapisan BSB diliris ing Inggris lan Amérika Serikat.[2] Ing Amérika Serikat, lagu iki dadi nomer 69 ing undhak-undhakan lagu, nomer 54 ing Inggris, lan nomer 1 ing Jerman[2]
September 1996 : Album kang kapisan kelompok kuwi diliris kanthi irah-irahan Backstreet Boys.[2] Album kasebut diliris ing Inggris lan dadi nomer 12 ing undhak-undhakan lagu ing kana.[2] BSB bener-bener ngrembaka ing Eropa.[2]
Juni 1997 : Quit Playin' Games (With My Heart), single kapisan ing Amérika Serikat diliris.[2] Lagu kasebut dadi nomer 2 ing Amérika Serikat.[2]