Keanu Reeves
| Keanu Reeves | |
|---|---|
Reeves ning London Premier The Lake House September 2006 |
|
| Asma wiyosan | Keanu Charles Reeves |
| Miyos | 02 September 1964 (umur 48) Beirut, Lebanon |
| Pakaryan | Aktor |
| Taun aktif | 1985 |
Keanu Charles Reeves (lair ing Beirut, Lebanon, 2 September 1964; umur 48 taun) dheweké kuwi pemeran utawa aktor film kang mbintangi film-film Hollywood dheweké paling kondhang ning film trilogi kang judulé The Matrix lan dheweké kuwi anduweni kewarganegaraan loro, Kanada lan Inggris, Keanu Reeves, uripé pindah-pindah.[1] Ibuné tau bebrayana ora namung kapin pisan, amarga ngalami kegagalan.[1]
Pengalaman kaping pisanan Keanu ning dunya peran dimulai nalika dheweké kalibet ning produksi drama teater kang judulé DAMN YANKEES, nalika kuwi Keanu tembe ning umur 9 taun. [1]
Meski tau anduweni prestasi dadi atlet hoki nganti olih julukan The Wall, ananging karemenan lan katertarikané marang dunya seni peran akiré anggawe dheweké luwih milih terjun ning dunya hiburan perfilman.[1] Serial-serial TV lan iklan kamasuk iklan produk mulai dicoba dening dheweké.[1]
Film layar lebar Keanu kang pisanan yakuwi YOUNGBLOOD, [[film kang ceritané babagan kisah hoki.[1] Keanu ning film kasebut meranaké pemain hokiné. [1] Sawisé panggarapan film kasebut, Keanu mutusaké kanggo nerusaké pangalamané ning dunya akting.[1] Dheweké mangkat maring Los Angeles lan ngusahakaké supaya dheweké bisa luwih fokus ning dunya akting.[1]
Sawisé sempet bahagia karo peran-perané kang cilik-cilikan ning film kang wis digarap dening dheweké.[1] Keanu akiré olih peran kang lumayan gedhe ning film kang judulé RIVER'S EDGE. [1] Ananging film annyar kasebut, ddai film POINT BREAK kang ngangkat jeneng Keanu ning jajaran aktor kang mulai dilirik lan diperhitungaké.[1]
Jenengé mulai dadi bahan omongan dunya film nalika dheweké dipercaya kanggo mainaké tokoh utama ning film SPEED nalika taun 1994. [1] Kang disusul karo kasuksesané dadi pemain ning film trilogi THE MATRIX. [1] Akiré Keanu bisa dipercaya meranaké Tom Ludlow ning film laga kang judulé STREET KINGS.[1] Keanu Reeves tau njalin hubungan karo Jennifer Syme, kang akiré ora lanjut amarga Jennifer ninggal dunya nalika taun 2001, amarga tabrakan mobil.[2] Nalika kuwi, Jenniver nembe wae ngelairaké anak wadon kasil hubungané kang dijenengi Ava Archer.[2]
Filmografi [sunting]
- 1986 - River's Edge
- 1986 - Youngblood
- 1989 - Bill & Ted's Excellent Adventure
- 1991 - My Own Private Idaho
- 1992 - Bram Stoker's Dracula
- 1994 - Speed
- 1995 - A Walk in the Clouds
- 1997 - The Devil's Advocate
- 1999 - The Matrix
- 2003 - The Matrix Reloaded
- 2003 - The Matrix Revolutions
- 2005 - Constantine
- 2006 - The Lake House
- 2006 - A Scanner Darkly
- 2008 - Street Kings
- 2008 - The Day the Earth Stood Still
- 2009 - The Private Lives of Pippa Lee