Karl Friedrich Gauss

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Carl Friedrich Gauss.

Johann Carl Friedrich Gauss (Gauß) (30 April 1777 - 23 Februari 1855) punika matématikawan, astronom, lan fisikawan Jèrman legendaris ingkang maringaken manéka kontribusi; piyambakipun dipunpirsani minangka salah satunggiling matématikawan paling ageng sasanèsipun Archimedes lan Isaac Newton.

Dipunwiyosaken ing Braunschweig, Jèrman, nalika yuswanipun dèrèng jangkep 3 taun, piyambakpipun sampun saged ngorèksi kalepatan daftar gaji tukang watu ramanipun. Miturut satunggiling cariyos, ing yuswa 10 taun, piyambakipun ndamel gurunipun rumaos éram kanthi maringaken rumus kanggé ngétang cacahing satunggiling deret aritmatika arupi pangétangan deret 1+2+3+...+100. Senadyan cariyos puniki mèh sedayanipun leres, soal ingkang dipunparingaken gurunipun langkung awrat. [1]

Gauss punika èlmuwan ing manéka bidang: matématika, fisika, lan astronomi. Bidang analisis lan geometri nyumbang kathah sanget sumbangan-sumbangan pikiran Gauss ing matématika. Kalkulus (kalebet limit) punika salah satunggiling bidang analisis ingkang ugi narik kawigatosanipun.

Gauss tilar donya Göttingen.

[sunting] Wacan terasan

  • Simmons, J, The giant book of scientists -- The 100 greatest minds of all time, Sydney: The Book Company, (1996)
  • Dunnington, G. Waldo, Carl Friedrich Gauss: Titan of Science, The Mathematical Association of America; (June 2003)

[sunting] Pranala njawi

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.
David face.png

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Karl_Friedrich_Gauss"