Kali Yordan
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Kali Yordan (Basa Yahudi: נהר הירדן nehar hayarden, Basa Arab: نهر الأردن nahr al-urdun) kuwi sawijining kali ing Asia Kidul Kulon kang wiwitané ing sisih lor Israel cedhak kibbutz Sede Nehemya lan mili liwat Segara Galiléa menyang Segara Mati. Kali iki minangka sebagéan tapel wates antarané Israel lan Yordania.