Jules Verne

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Jules Verne
Tapak asta

Jules Gabriel Verne (Nantes, Prancis, 8 Februari 1828Amiens, Prancis, 24 Maret 1905) iku sawijining panulis Prancis sing mlopori genre fiksi-ngèlmiyah. Karya-karyané sing misuwur yaiku Voyage au centre de la Terre (Panglelanan menyang punjer Bumi 1864), Vingt mille lieues sous les mers (20.000 mil sangisoring segara 1870), lan Le Tour du monde en quatre-vingts jours (Ngubengi donya ing 80 dina 1873). Verne nulis perkara antariksa, langit, lan panglelanan ngisor segara sadurungé alat-alat iki diciptakaké. Dhèwèké iku panulis kapindho sing paling akèh diterjemahaké sawisé Agatha Christie. Karyané uga ana sing dipertal ing Basa Jawa. Saliyané iku akèh karyané sing digawé film, minangka film layar amba, film TV utawa kartun.

Jules Verne, bareng karo H.G. Wells, kerep diarani minangka "Bapak Fiksi Ngèlmiyah".[1]

Babad slira[sunting | sunting sumber]

Masa cilik[sunting | sunting sumber]

Jules Gabriel Verne lair ing kutha Nantes, ing pasisir kulon Prancis. Bapakné, Pierre Verne, iku sawijining pangacara (séda taun 1871). Ibuné yaiku Sophie-Henriette Allotte de la Fuÿe (séda 1887). Jules iku sing ragil saka anak lima lan taun-taun awalé dialaminé ing ngomah karo wong tuwané. Ing mangsa panas kulawarga iki biyasané nginep ing ngomah liburan sajabaning kutha ing pinggiring Kali Loire. Nalika iku Jules karo adhiné, Paul kerep nyéwa prau sing regané sa-franc sadina lan ndelengi baita-baita sing alayar ing kali iku. Baita-baita iki nggugah daya imajinasiné kaya ditulis ing bukuné Souvenirs d'Enfance et de Jeunesse. Nalika Jules umuré sangang taun, dhèwèké lan adhiné dikirim menyang sekolah asrama ing Saint Donatien College (Petit séminaire de Saint-Donatien). Minangka bocah, dhèwèké ngembangaké daya tarik ing panglelanan lan panjlajahan. Klangenané iki dituduhaké minangka panulis crita-crita petualangan lan fiksi ngèlmiyah.

Ing asrama, Verne sinau Basa Latin, sing dienggo ing crita cekaké Le Mariage de Monsieur Anselme des Tilleuls ing dasawarsa taun 1850-an. Salah siji guruné mbokmenawa Brutus de Villeroi, sawijining panemu Prancis. Dhèwèké uga njabat dadi profésor gambar lan matématika ing Saint Donatien ing taun 1842. De Villeroi ing tembé bakal misuwur dadi pancipta USS Alligator, kapal silem kapisan Amérika Sarékat. Bisa dadi De Villeroi sing ngilhami désain kapal silem Nautilus ing crita 20.000 mil sangisoring segara, senadyan ora ana komunikasi sing bisa dibuktèkaké antara wong loro iki.

Masa awal panulisan[sunting | sunting sumber]

Gambar samak khas Hetzel kanggo sawijining buku Jules Verne. Iki édisi Les Aventures du Capitaine Hatteras au Pôle Nord, jenis "Aux deux éléphants".

Sawisé lulus SMA, Jules Verne lunga menyang Paris kanggo kuliyah hukum. Kira-kira ing taun 1848, Verne karo Michel Carré padha-padha nulis libretto kanggo operette. Kanggo sawetara taun, kawigatèné kapérang kanggo téater lan pagawéyané, nanging sawetara crita-crita panglelanan sing dhèwèké tulis kanggo Musée des Familles nuduhaké bakaté sing sejati: Verne bisa nyritakaké panglelanan astaméwa lan petualangan ing ngendi detail-détail ngèlmiyah lan géografis bisa mènèhi swasana réalistis. Nalika bapakné Jules Verne ngonangi yèn anaké ora kuliyah hukum nanging malah nulis buku, banjur kiriman dhuwité langsung dijabel. Jules Verne kepeksa nyambut gawé dadi pedagang saham. Pagawéyané iki ora disenengi kamangka dhèwèké bisa rada suksès nglakoni iki. Nalika iku dhèwèké tepungan karo Alexandre Dumas, père lan Victor Hugo, sing ngandhani cara-carané nulis buku. Dumas ing tembé bakal dadi kancané sing raket.

Jules Verne uga ketemu karo Honorine Morel, sawijining randa sing ditilar donya Fraysne de Viane sing umuré 26 taun lan wis duwé anak wadon loro. Jules banjur omah-omah karo dhèwèké ing tanggal 10 Januari 1857. Mawa pasengkuyungané, Jules Verne mbanjuraké aktivitas panulisané lan golèk panerbit sing bisa mbabar karyané. Banjur ing tanggal 3 Agustus 1861, anaké Michel Verne lair. Michel-Jean iki bocahé nakal lan ora nurut wong tuwané. Nalika cilik tau dikirim menyang sawijining penjara remaja ing taun 1876. Banjur dhèwèké kawin karo sawijining aktris lan duwé anak loro karo pacaré sing umuré 16 taun. Nanging nalika dhèwèké saya tuwa, hubungané dadi saya apik.

Kahanan Verne dadi saya apik sawisé dhèwèké ketemu karo Pierre-Jules Hetzel, salah sijining panerbit wigati Prancis ing abad kaping 19 sing uga nerbitaké antara liya karya-karyané Victor Hugo, Georges Sand, lan Erckmann-Chatrian. Wong loro iki ngwujudaké sawijining tim panulis-panerbit sing kukuh nganti Hetzel tilar donya.

Hetzel ngréwangi mbenakaké tulisané Verne, sing nganti semono ditulak karo panerbit liyané. Hetzel maca naskahé Verne perkara panglelanan lan panjlajahan bawana Afrika mawa balon sing ditulak déning panerbit liyané amerga dianggep "ngèlmiyah banget". Banjur mawa pitulungé Hetzel, Verne nulis ulang crita iki sing diterbitaké ing taun 1863 mawa irah-irahan Cinq semaines en ballon (Limang Minggu ing sawijining Balon). Nuruti sarané Hetzel, Verne nambahaké sawetara aspèk-aspèk komik ing buku-bukuné, ngowahi pungkasan crita sing sedih lan ngurangi pesen-pesenan pulitik.

Saka titik iku nganti tilar donyané Verne, Hetzel mbabar rong jilid utawa luwih saben tauné. Judhul-judhul sing paling suksès yaiku kalebu: Voyage au centre de la terre (1864); De la terre à la lune (Saka Bumi menyang Wulan, 1865); Vingt mille lieues sous les mers (1869); lan Le tour du monde en quatre-vingts jours, sing mula-mulané muncul ing Le Temps taun 1872. Sérial iki ditepungi mawa jeneng "Les voyages extraordinaires" ("panglelanan astaméwa"). Jules Verne saiki bisa ngurip ngandhalaké kasil karya tulisané. Nanging sabagéyan gedhé kasugihané olèhé saka pamentasan sandhiwara Le tour du monde en quatre-vingts jours (1874) lan Michel Strogoff (1876), sing ditulis karo Adolphe d'Ennery.

Ing taun 1867 Verne tuku sawijining baita cilik sing dijenengaké Saint-Michel, lan ora suwé manèh Saint-Michel II lan Saint-Michel III nalika kahanan ékonominé saya apik. Sajroning Saint-Michel III, dhèwèké ngubengi Éropah. Ing taun 1870, dhèwèké diangkat dadi Chevalier (Satriya) Légion d'honneur.

Sawisé romané sing kapisan, sabagéyan gedhé crita-critané kapisanan diterbitaké minangka crita sambungan dhisik ing kalawarta Hetzel sing jenengé Magazine d'Éducation et de Récréation, lan terbit rong minggu pisan sadurungé diterbitaké awujud buku. Miturut Index Translationum Unesco, Jules Verne sacara tetep manggoni papan peringkat lima paling dhuwur saka panulis-panulis sing paling akèh dipertal sa-donya.

Taun-taun pungkasan[sunting | sunting sumber]

Verne ing 1892

Ing tanggal 9 Maret 1886, nalika Verne nyedhaki omahé, kaponakané sing ajeneng Gaston, sing ngidhep lara paranoia mara lan némbak Jules Verne kaping loro. Pélor siji luput nanging sijiné kéna sikilé sing kiwa lan nyebabaké Verne dadi pincang lakuné. Gaston banjur mlebu omah lara jiwa saumur uripé.

Sawisé Hetzel tilar donya lan ibuné séda ing taun 1887, Verne miwiti nulis karya-karya sing luwih pésimis. Bisa baé iki disebabaké amerga wateké rada owah, nanging mbokmenawa uga amerga putrané Hetzel ora patiya keras kaya bapané olèhé nyunting karya Verne.

Ing taun 1888, Jules Verne mlebu kancah pulitik lan kapilih dadi sawijining anggota déwan kutha Amiens, ing ngendi dhèwèké mlopori sawetara pambangunan lan masa bektiné 15 taun.

Ing taun 1905, Jules Verne séda déning lelara diabetesé ing dalemé, Boulevard Longueville 44 (saiki Boulevard Jules-Verne). Putrané Michel sing ngurusi publikasi roman-roman pungkasané Invasion of the Sea lan Le Phare du bout du monde. Sérial "Voyages extraordinaires" dibanjuraké nganti sawetara taun sawisé iku. Ing tembé ditemokaké yèn putrané ngowahi akèh perkara ing crita-crita iki. Mula vèrsi-vèrsi asliné dibabar manèh ing pungkasan abad kaping 20.


Terjemahan ing basa-basa Nuswantara[sunting | sunting sumber]

Hikajat Phileas Fogg ing basa Jawa

Karya-karya Jules Verne uga akèh dipertal ing basa-basa Nuswantara, utamané Basa Melayu lan Basa Jawa. Buku-buku karya Jules Verne iki diajèni banget, buktiné pertalan ing Basa Melayu dibabar déning Balé Poestaka.

Ing basa Jawa Le Tour du Monde en quatre-vingts jours (Ngubengi donya ing 80 dina) sing asliné dibabar taun 1873, dipertal lan dibabar ing taun 1889. Vèrsi basa Jawa iki diwèhi irah-irahan diarani Hikayat Phileas Fogg (katulis Hikajat Phileas Fogg).

Pangaribawa Hetzel[sunting | sunting sumber]

Hetzel akèh mènèhi pangaribawa marang tulisan-tulisané Verne, sing seneng bisa nemoni sawijining panerbit. Tundhané Vernes nurut mèh apa sarané Hetzel kabèh. Hetzel nulak minimal sawijining roman (Paris ing abad kaping 20) lan njaluk marang Verne supaya ngowahi akèh tulisané. Hetzel ngakon supaya Verne iku ngadopsi gaya sing luwih optimis. Banjur supaya ora ngenyèk sekutu Prancis kala iku, Rusia, Verne dikon ngowahi warganegara Kaptèn Nemo saka pangungsi Polen dadi sawijining Pangéran India.

Daftar pustaka[sunting | sunting sumber]

Roman

Yèn carané roman-roman utama Jules Verne dijingglengi, mangka bisa dideleng yèn roman-romané kawangun saka telung bagéyan sing kagandhèng siji karo liyané:

  1. panglelanan géografis
  2. panglelanan moral
  3. panglelanan ngèlmiyah
Caricature de Jules Verne « allant recueillir aux bonnes sources des renseignements authentiques sur le monde sous-marin ».
Museum Jules Verne ing Nantes
Monumèn Jules Verne ing Redondela
Recueils de nouvelles
Contes fantastiques

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Adam Charles Roberts (2000), "The History of Science Fiction": Page 48 ing Science Fiction, Routledge, ISBN 0-415-19204-8. Wong-wong liya sing uga kerep diarani "Bapak Fiksi Ngèlmiyah" kalebu Hugo Gernsback, H. G. Wells lan Edgar Allan Poe.
  2. ^ « Les Forceurs de blocus (1865) », dans site J.V. Gilead, The Illustrated Jules Verne, Cithakan:Lire en ligne

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Jules_Verne&oldid=815011"