Agatha Christie
| Agatha Christie | |
|---|---|
| Lair | 15 September 1890 Torquay, Devon, Inggris |
| Séda | 12 Januari 1976 Cholsey, Oxfordshire, Inggris |
| Pagawéan | Novelis |
| Genres | fiksi kriminal |
| Literary movement | Masa Keemasan Fiksi Detektif |
| Pangaruh marang | Anna Katherine Green |
| Website | http://www.agathachristie.com |
Agatha Christie yaiku penulis crita misteri sing paling terkenal lan pengarang sing karyanè paling payu[1]. Buku-bukunè wis kaedol luwih saka sak milyar eksemplar sing bahasa Inggris lan sak miliar maneh nganggo 45 basa asing (tekan 2003)[1]. Christie nerbitake luwih saka 80 novel lan sandhiwara teater[1]. Novel lan sandiwarane nyaritakake bab detektif lan misteri, akeh sing nyeritakake salah sawijining tokoh seriale, Hercule Poirot utawa Miss Marple[1]. Dheweke kuwi termasuk tokoh ing fiksi detektif amarga sukses ing genre fiksi detektif[1].
[sunting] Biografi
Lair nganggo jeneng Agatha Miller, duwe anak jenenge Rosalind Hicks saka bojo pertama, yaiku Kolonel Archibald Christie, banjur pegatan taun 1928[2]. Nalika Perang Dunia II dheweke kerja dadi apoteker, pakaryan sing dadi pengaruh ing karya-karyane, akeh paten-patennan nganggo racun ing critane dheweke[2]. Desember 1926 dheweke ngilang sewelas dina lan dadi reribut ing pers. Dheweke akhire ditemokake ing hotel ing kutha Harrogate, dheweke ngomong yen dheweke kena amnesia sing disebabake gangguan urat syaraf sakwise ibune ninggal lan masalah bale wismane[2]. Taun 1930 dheweke daup karo Sir Max Mallowan, ahli arkeologi Inggris. Sandiwara panggunge "The Mousetrap" menang rekor minangka sandiwara paling suwe diputer ing London yaiku saka 25 November 1952 tekan seprene wis diputer luwih saka ping 20.000. Taun 1971 dheweke oleh gelar "Dame Commander of the British Empire"[2].
[sunting] Cathetan suku