John James Audubon
John James Audubon yaiku tokoh pelopor pelestarian lingkungan.[1] John James Audubon lair ing Haiti taun 1795.[1] Dheweke dikenal minangka tokoh kang seneng karo kewan.[1] Dheweke uga dikenal minangka penjelajah alas.[1] Nalika umur 18 taun, Audubon manggon ana ing Prancis.[1] Banjur dheweke ngalih ana ing Amerika saperlu nglungani program wajib militer kang diprintahake dening Napoleon Bonaparte.[1] Bapake Audubon yaiku sawijining ndara perkebunan kang sugih lan kapten kapal armada. [1]Nalika isih cilik, dheweke dikenalake babagan perkebunan dening bapake.[1] Mula nalika manggon ana ing Amerika, dheweke tuku perkebunan ing Norriston, Pennsylvania.[1] Nanging usahane mau gagal amarga dheweke kurang merhatekake ngrembakane perkebunane mau. [1]Dheweke malah kerep njlajah alas ketimbang ngurus perkebunan. [1]
Aududon kawin karo anake ndara perkebunan. [2]Sawise kawin, dheweke manggon ana ing Kentucky lan ngedegake perusahaan. [2]Nanging, perusahaane mau uga ngalami kegagalan kanthi alesan kang padha yaiku kurang ngurus perkebunan.[2] Audubon pancen seneng banget njajahi alas lan kewan.[2] Dheweke ora mung njajah alas nanging uga ngemati, neliti, nyatet lan nglukis panguripane kewan.[2] Audubon tau njlajahi kali Ohio lan Missisipi nganti pirang-pirang sasi.[2] Dheweke kasil anggone ngrekam pirang-pirang kewan lumantar lukisan.[2] Lukisan mau dipamerake ing Liverpool lan Manchester.[2]