Jacques Chirac
|
Jacques Chirac
|
|
|
|
|
| Mangsa jabatan 17 Mei 1995 – 16 Mei 2007 |
|
| Perdhana Mentri | Alain Juppé, Lionel Jospin, Jean-Pierre Raffarin lan Dominique de Villepin |
|---|---|
| Pejabat sadurungé | François Mitterrand |
| Pengganti | Nicolas Sarkozy |
|
|
|
| Lair | 29 November 1932 (umur 80) Paris, Prancis |
| Partai pulitik | UDR, RPR, lan UMP |
| Pasangan | Bernadette Chirac |
| Pegawéyan | Pegawé Sipil |
| Agama | Katulik Roma |
Jacques René Chirac (lair ing Paris, Perancis, 29 November 1932; umur 80 taun) inggih menika pulitikus lan mantan Présidhèn Républik Prancis. Piyambakipun njabat ing période 17 Mei 1995-16 Mei 2007. Piyambakipun wangsul malih taun 2002 kanthi pemilu présidhèn kalih puteran. Jabatanipun paripurna taun 2007, kajawi dados présidhèn, piyambakipun ugi dados ex officio Ko-Pangéran Andorra lan Grand Master Légion d'honneur. Piyambakipun dipungantosaken Nicolas Sarkozy tanggal 6 Mei 2007.
Chirac miyos ing Paris taun 1932, sabibaripun sinau wonten d'Etudes Politiques de Paris lan École Nationale d'Administration, Jacques Chirac miwiti padamelanipun minangka pegawé negri ingkang jabatanipun paling inggil, lan salajengipun mlebet wonten donya pulitik. Kawit menika piyambakipun lenggah ing mawarni-warni jabatan sénior, kadosdéné Mentri Pertanian, Perdhana Mentri, Wali kitha Paris, lan Présidhèn Prancis.
Taun 1956, piyambakipun krama kaliyan Bernadette Chodron de Courcel, lan pikantuk kalih laré, Laurence lan Claude. Claude sampun dangu dados asistèn pribadinipun lan rèncang wonten ing urusan hubungan masarakat. Chirac tiyang ingkang agaminipun Katulik Roma.
Chirac saha garwanipun Bernadette kanthi boten resmi ngangkat laré, Anh Dao Traxel, ingkang dipunaturi lenggah wonten ing dalemipun taun 1979, nalika Anh Dao kagungan yuswa 21 taun.