Dominique de Villepin
| Dominique de Villepin | |
|
Perdhana Mentri Prancis
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 31 Mei 2005 – 15 Mei 2007 |
|
| Didhisiki déning | Jean-Pierre Raffarin |
| Diganti déning | François Fillon |
|
|
|
| Miyos | 14 November 1953 (umur 59) Rabat, Maroko |
| Partai pulitik | UMP |
Dominique Marie François René Galouzeau de Villepin (lair ing Rabat, Maroko, 14 November 1953; umur 59 taun) utawa biyasa ditepungi minangka Dominique de Villepin
dengarkan yaiku sawijining diplomat lan pulitikus Prancis kang saiki dadi Perdhana Mentri Prancis wiwit 31 Mei 2005 sakwisé njabat dadi Mentri Dalam Negri.[1] Jenengé disorot donya internasional nalika nentang invasi Irak 2003 kanthi gayané kang lirikal.[1] Sakliyané kuwi wiwitan taun 2006, jangkah Villepin kang nerapaké Undang-Undang Tenaga Kerja anyar kang duwé kontrovèrsial (Contrat première embauche) nyebabaké protès gedhèn déning para nom-noman lan asosiasi paburuhan merga undang-undang mau dianggep ora nguntungaké nasib karyawan.[1] Nganti tekan saiki Dominique durung tau dadi kandidat ana ing pemilu.[1]
Villepin palakrama karo Marie-Laure Le Guay lan duwé anak telu kang nembé remaja.[1]
Karir [sunting]
Minangka diplomat [sunting]
Villepin sekolah ing Institut Èlmu Pulitik Paris (Institut d'Etudes Politiques de Paris) lan banjur sekolah ing Sekolah Administrasi Nasional (École nationale d'administration).[2] Dhèwèké uga duwé gelar ana ing babagan hukum lan sastra saka Univèrsitas Paris II Panthéon-Assas lan Paris X Nanterre.[2] Sakwisé kuwi , Dominique miwiti kariré ana ing donya diplomatik.[2] Jabatané kayata
- Komité Penasihat kanggo urusan Afrika (1980 - 1984)[2]
- Sekrétaris pisanan (1984 - 1987) lan konselor kaping loro (1987 - 1989) ing Kedutaan Besar Prancis ing Washington, DC[2]
- Konselor kaping loro (1989 - 1990) lan Konselor pisanan (1990 - 1992) ing kedutaan besar ing New Delhi.[2]
- Penasihat Kamentrian Manca Negara Prancis kanggo urusan Afrika (1992 - 1993)[2]