Inulin
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
-
Artikel iki dudu ngenani insulin.
| Inulin | |
|---|---|
| Identifikasi | |
| Nomor CAS | [9005-80-5] |
| PubChem | |
| Sifat | |
| Rumus molekul | C6nH10n+2O5n+1 |
| Massa molar | Polimer; tergantung pada jumlah monomer (n) |
| Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa) |
|
Inulin yaiku salah siji jinis fruktan utawa polimer fruktosa (rante gabungan monomer fruktosa) kang akeh-akehe ngandhut sekitar 35 unit fruktosa kang diubungake siji lan sijine ing rante lurus dening pangiket β-2,1 glikosida (karbon 2 saka salah siji fruktosa diubungake karo karbon 1 fruktosa sadurunge).[1] Saben inulin nduweni glukosa ing pucuk wiwitan rante.[1] Struktur saka inulin ora tansah arupa rante lurus, nanging uga bisa ngepang kaya inulin kang asale saka oyot tanduran Chicorium intybus kang ngandhut sithik pangiket β-2,6 ing rante utamane lan kala-kala pang-pang endhek.[2] Inulin akeh-akehe ana ing umbi dahlia lan articok Jerusalem lan uga ing pirang-pirang spesies liyane (nanging ora ing sesuketan).[1]
[sunting] Delengen uga
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b c Salisbury FB, Ross CW. 1995. Fisiologi Tumbuhan, Jilid 2. penerjemah: Lukman DR, Sumaryono. Bandung:Penerbit ITB. Hal:65. ISBN 979-8591-27-5
- ↑ (en) Carpita N, Housley TL, Hendrix JE. 1991. New features of plant-fructan structure revealed by methylation analysis and carbon-13 N.M.R. spectroscopy. Carbohydrate Research 217:127-136