Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Hunminjeongeum (훈민정음;訓民正音) yaiku formula abjad kang diciptakake dening Raja Sejong kang Agung saka Dinasti Joseon ing taun 1443.[1][2] Raja Sejong nyiptakake abjad anayr mau supaya rakyate kang ora bisa nulis aksara Tionghoa bisa nulis basa Korea kanthi sistem kang luwih gampang.[1] Formula abjad kang diciptakake diarani Hunminjeongeum utawa swara kang bener kanggo diajarake marang rakyat.[1] Proyek mau direwangi dening para ilmuwan ing lembaga ilmu pengetahuan Jiphyeonjeon lan asile dipublikasekake 3 tahun candhake ing buku kanthi irah0irahan Hunminjeongeum Haeryebon utawa Edisi Penjelasan Hunminjeongeum.[1] Hunminjeongeum didadekake minangka Harta Nasional Korea Selatan Nomor 70 lan didaptarake minangka Warisan Memori Dunia UNESCO ing taun 1997.[1]
Abjad iki minangka cikal-bakal Hangeul kang minangka sistem penulisan unik ing antarane abjad-abjad bangsa liyane amarga diciptakake dening saklompok wong kang dikenal dikenal tanpa ana pengaruh saka sistem penulisan kang wis ana lan dadi bahasa tulis nasional.[1]
Prakata Raja Sejong [sunting]
- 國之語音
異乎中國
與文字不相流通
故愚民 有所欲言
而終不得伸其情者多矣
予爲此憫然
新制二十八字
欲使人人易習便於日用矣

- Diowahi ing Hangul (Eonhaebon):

|
|
Amarga basa negeri iki beda karo basa ing Tiongkok, mula ora cocok karo aksara Tiongkok. Banjur, yen wong kang bodho kepengin omongan, kaeh-akehe saka wong mau ora bisa ngungkapake masalahe wong-wong mau. Amarga babagan kang nyedhihake mau, aku wis gawe 28 aksara kang anayr. Yaiku pangarep-arepku supaya saben wong bisa nyinaoni aksara iki kanthi gampang lan nyenengake yen digunakake saben dinane |
|
Cathetan suku [sunting]