Humaniora
Humaniora asalé saka basa Latin Humanus.[1] Ing basa Inggris yaiku The Humanities kang ngemu arti manusiawi, bebudaya, lan alus.[1] Humaniora ana gandhéng cènèngé karo masalah nilai manungsa kang dadi homo humaus utawa manungsa kang bebudaya.[1]
Ana 3 paradigma kang dienggo kanggo ngaji ilmu Humaniora lan budaya :
- Positivistik kang lumrah dipadhaaké karo pendekatan kuantitatif.[1]
- Interpretif kang lumrah dipadhaaké karo pendekatan kualitatif.[1]
- Reflektif kang lumrah dipadhaaké karo pendekatan kritik.[1]
Karakteristik Humaniora [sunting]
Humaniora yaiku studi kang musataké dening kauripan manungsa, nekanaké unsur kreativitas, kaanyaran, orisinalitas, lan ngusahaké golek makna lan nilai saengga duwéni sipat normatif.[2] Ana ing humaniora, rasionalitas ora mung dipahami pemikiran bab obyek saka dhasar akal, nanging uga bab-bab kang sinipat imajinatif, kayata : Leonardo da Vinci kang bisa nggambar lukisan kang mirip karo bentuk helikopter sakdurungé ditemokaké montor mabur.[2]
Ruang Lingkup Kajian Humaniora [sunting]
- Basa[1]
- Ilmu Basa[1]
- Kasusastran[1]
- Sejarah[1]
- Ilmu Hukum[1]
- Filsafat[1]
- Arkeologi[1]
- Seni[1]
- Ilmu-ilmu sosial kang ngemu humanistik[1]