Hobart

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Hobart
Hobart Marina
Lokasi Hobart
Negara Australia
Negara bagéan Tasmania
Dina madeg 1803
Jembar wewengkon 1.357,3 km2
Pedunung 200.525 (Sensus 2006)
 - Kepadatan 148,9/km2
Basa Basa Inggris
Zona AEST(UTC+10)
AEDT (UTC+11)

Hobart kuwi ibukutha negara bagéan Tasmania, Australia. Diadegaké ing taun 1804 minangka koloni ukuman, Hobart minangka kutha paling tuwa kaloro sekaligus kutha paling gedhé ka-12 ing Australia, kanthi pedunung metropolitan watara 200.000. Kutha iki minangka pusat finansial lan pamaréntahan Tasmania, sarta duwé plabuhan segara.

Bab lan Paragraf

[sunting] Geografi

Hobart dumunung ing muara Kali Derwent ing sisih kidul-wétan negara bagéan Tasmania ing koordinat 42°52′S, 147°19′E. Tlatah central business district dumunung ing pesisir kulon, sisih-sisihan karo Sullivan's Cove, kanthi tlatah pinggiran kang nyebar sadawaning pesisir Derwent nganti tekan pagunungan ing sikilé Gunung Wellington. Plabuhan Hobart nguwasani kabèh tlatah asli Sullivan's Cove.

Tlatah Metropolitan Hobart dumadi saka telu kutha otonom, yakuwi Kutha Hobart, Kutha Glenorchy lan Kutha Clarence, plus tlatah kang dadi tlatah urban Municipality of Kingborough lan Municipality of Brighton. Tlatah pinggiran (suburban) nyakup wilayah sisih kiwa tengené kali. Kapisah saka kutha iki, pusat-pusat komersial utama yakuwi Glenorchy (ing sisih lor) lan Rosny Park (pesisir wétan). Kutha satelit Kingston, ing sisih kidul kutha, tuwuh dadi tlatah pinggiran Hobart. Kutha-kutha liya ing saubengé kayadénéSorell, Margate, Brighton lan New Norfolk dadi papan panggonan urip kang populèr.

[sunting] Iklim

Cuaca rata-rata ing Hobart
Sasi Jan Feb Mar Apr Mei Jun Jul Agu Sep Okt Nov Des Taun
Rata-rata dhuwur °C (°F) 21.6 (71) 21.6 (71) 20.1 (68) 17.3 (63) 14.4 (58) 11.9 (53) 11.6 (53) 13.0 (55) 15.0 (59) 16.9 (62) 18.7 (66) 20.3 (69) 16,9 (62)
Rata-rata endhèk °C (°F) 11.8 (53) 12.0 (54) 10.8 (51) 8.9 (48) 6.9 (44) 5.2 (41) 4.5 (40) 5.2 (41) 6.4 (44) 7.7 (46) 9.2 (49) 10.8 (51) 8,3 (47)
Curah Udan mm (inch) 48.0 (1.9) 39.9 (1.6) 45.2 (1.8) 51.4 (2) 46.8 (1.8) 54.0 (2.1) 52.5 (2.1) 52.9 (2.1) 52.7 (2.1) 62.1 (2.4) 53.7 (2.1) 57.0 (2.2) 616,2 (24,3)
Sumber: Biro Meteorologi[1] 1882-2008

[sunting] Liya-liya

[sunting] Referensi

  1. Climate Data. BoM.

[sunting] Pranala njaba

Commons
Mangga mriksani Hobart ing Wikimedia Commons.

Wikitravel   Pirsani pandhuan wisata Hobart ing Wikitravel

Negara bagéan Australia lan ibukuthané
TIKA NSW TL Que AKi Tas Vic AKu
Canberra Sydney Darwin Brisbane Adelaide Hobart Melbourne Perth
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Hobart"