Herman Melville
| Herman Melville | |
|---|---|
| Lair | 1 Agustus 1819 New York City, New York, AS |
| Séda | 28 September 1891 (umur 72) New York City, New York, AS |
| Pagawéan | Novelis, penulis cerita pendek, guru, pelaut, penceramah, penyair |
| Kabangsan | Amerika Serikat |
| Pangaruh marang | Shakespeare, Milton, Alkitab, C. B. Brown, Montaigne, Camoens, Dana, Hawthorne, Thomas Browne, Emerson, Thoreau, Carlyle, Irving, Cooper, Poe |
| Kapangaruh déning | Thomas Mann, E. M. Forster, D. H. Lawrence, Camus, Jean-Pierre Melville, Charles Olson, Thomas Pynchon, and Cormac McCarthy |
Herman Melville (lair ing New York City, 1 Agustus 1819 – tilar donya ing New York City, 28 September 1891 kanthi yuswa 72 taun) yaiku novelis lan penyair saka Amerika Serikat.[1] Pisanan novel-novelé kang nyritaké petualangan-petualangan ing segara kidul cukup populer nanging kang maca sangsaya suda ing pungkasan uripé.[1] Pas sedané, Melville arep dilaliké nanging mahakaryanya, Moby-Dick ditemokaké menèh ing taun-taun mengarep lan saiki Melville dianggep dadi salah sijiné tokoh wigati ing donya kesusastraan AS.[1]
Herman Melville uga tau dadi pelaut sawisé gagal ing donya usaha.[1] Dadi pelaut, Melville mlayu saka kapal Amerika kanggo enda saka donya kelautan kang kejem lan bahaya.[1] Dhéwéké manggon ana sawijjining pulo, ing tengah penduduk asli ing kana.[2] Ing taun 1844, Melville mandheg bertualang lan nulis buku.[2]
Novel-novelé kang pisanan kang misuwur yaiku Typee (1846) kang digawé miturut pengalamané dhéwé ing tengah-tengah pedunung asli ing sawijining pulo, Omoo (1846), kang miturut uripé ing Tahiti, lan Redburst (1848) kang miturut pengalamané ing pelayaran pisanan ing Inggris.[2] Karyané kang judhulé White Jacket (1850) yaiku sawijiné protès marang kejemé urip kang dirasakno para pelaut ing Angkatan laut Amerika.[2]