Moby-Dick
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Kaca judhul èdhisi sepisanan Moby-Dick, taun 1851 | |
| Pangarang | Herman Melville |
|---|---|
| Basa | Inggris |
| Tipe | Petuwalangan, Èpik, Crita laut |
| Penerbit | Richard Bentley (Britania Raya) Harper & Brothers (AS) |
| Tanggal terbit | 18 Oktober 1851 (Britania) 14 November 1851 (AS) |
| Cacahing kaca | 635 (èdhisi sepisanan AS)[1] |
Moby-Dick iku judhul novèl karya panulis Amérika Sarékat Herman Melville sing dijupuk saka julukan sawijining iwak lodan sing dicritakaké ing njeroné. Novèl ini misuwur banget lan isa dianggep minangka salah siji novèl klasik donya.
Karya iki nyritakaké ngenani petuwalangan sang tokoh (sing jenengé Ishmael) jroning mèlu pelayaran kapal pamburu iwak lodan sing dipimpin déning sawijining kaptèn obsèsif sing jenengé Kaptèn Ahab. Sang kaptèn mung duwé sikil siji akibat kacilakan nalika mburu sawijining iwak lodan sing diwènèhi julukan Moby-Dick. Dhèwèké nepsu banget nglampiasaké dhendhamé marang sang kéwan nganti ora perduli marang kaslametan dhiri uga anak buahé. Crita pungkasané arupa tragèdhi.
Réferènsi [sunting]
- ^ Moby-Dick or The Whale, Northwestern-Newberry edition (Northwestern University Press, 1988), p. 687.