Kaptèn
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Kaptèn saka basa Walanda, kapitein, saka basa Latin, capitaneus saka tembung dhasar caput (endhas).
Kapten iku:
- Nakhoda sawijining kapal.
- pangkat militer ing Tentara Nasional Indonésia lan Pulisi Republik Indonésia, sarta sebagéan militèr negara liya. Pangkat iki arupa pangkat ing golongan perwira pertama sing paling dhuwur, sak tingkat sangisoré mayor lan sak tingkat sadhuwuré lètnan siji.
- pangkat jroning penerbangan.
- ketua jroning tim pasukan olahraga.
Kadhang-kadhang tembung kaptèn dieja dadi kapitèn.