Herlinatiens
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Sinukarta (Kontrib • Log) 49 dinten 474 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Herlinatiens | |
|---|---|
| Lair | Herlina Tien Suhesti 26 April 1982 (umur 31) |
| Jeneng liya | Herlinatiens |
| Website | |
| http://herlinatiens.wordpress.com | |
Herlinatiens (nama aslinipun: Herlina Tien Suhesti ingkang miyos wonten ing Ngawi ing tanggal 26 April 1982 inggih punika salah satunggaling sastrawan wonten ing Indonésia. Ananging piyambakipun langkung remen dipunceluk pujangga tinimbang sastrawan. Novelipun ingkang sepisanan lair inggih kanthi irah-irahan Garis Tepi Seorang Lesbian ingkang dados bestseller ingkang mbiyantu piyambakipun ngrembakakaken karemenanipun kanggé nyerat novel –novel ingkang salajengipun. Sak punika piyambakipun aktip mbangun sanggar kaliyan paring dhukungan dhateng laré-laré ingkang dumunung ing Yogyakarta. [1]
Bab lan Paragraf |
Biografi [sunting]
Novelipun Herlinatiens ingkang sepisan inggih punika kanthi irah-irahan “Garis Tepi Seorang Lesbian” inggih nyariosaken babagan satunggaling lesbian ingkang dipunsingkiri déning kabudayan ing sakiteripun saha kulawarganipun. Buku ingkang sepisan punika telas dipuntumbas dening pamaosipun namung ing kalih peken. Bukunipun ingkang kaping kalih inggih punika, “Dejavu”, “Sayap yang Pecah” ugi dados bestseller.[2] Sak punika, piyambakipun minangka staff saha tim panaliti saking Yayasan umar Kayam. Piyambakipun dumunung ing Yogyakarta saha pados kawruh malih kanggé gelar master wonten ing jurusan budaya ing Universitas Sanata Dharma.
Garis Tepi Seorang Lesbian [sunting]
Bukunipun ingkang dipunsalin ing basa Inggris kanthi irah-irahan Margins of a Lesbian, dipunwiwiti kaliyan wontenipun tokoh Ashmora Paria, tiyang ѐstri saking Indonésia ingkang gadhah tigang putra. Lajeng piyambakipun nikah saha dumunung Paris, Pranis kaliyan kancanipun ingkan ѐstri ugi, inggih tokoh Ri. Paria saha Ri sampun dipunsingkiri dening masarakat Paris lajeng kekalihipun pindhah dhateng Indonesia malih. Cariyos punika ing bagéyan purwakaning buku.Paria lajeng kepanggih kalyan Davia, murid estri ingkang sampun gadhah sesandhingan kaliyan tiyang jaler. Ing sepisanan, Paria ngupaya kanggé nolak raosipun dhateng Davia, ananging amargi piyambakipun taksih dhewekan lajeng piyambakipun njalin hubungan kaliyan Devia. Paria ugi gadhah hubungan kaliyan kalih kancanipun mawi serat inggih punika Gita, satunggaling ibu rumah tangga saha Rafael, biarawati Katolik. Buku punika nyariosaken babagan perjuanganipun tiyang ingkang dipunsingkiri, rumor, saha lajeng dipunsisihaken wonten ing masarakatipun.
Asiling Karya [sunting]
| Year | Indonesian Title | ISBN | Publisher |
|---|---|---|---|
| 2003 | Garis Tepi Seorang Lesbian | ISBN 978-979-9341-68-6 | Galangpress Group |
| 2004 | Dejavu, Sayap yang Pecah | ISBN 978-979-3627-23-6 | Galangpress Group |
| 2004 | Jilbab Britney Spears | ISBN 978-979-98844-0-4 | Pustaka Anggrek |
| 2005 | Sajak Cinta Yang Pertama | ISBN 978-979-3695-45-7 | Bayumedia |
| 2005 | Malam Untuk Soe Hok Gie | ISBN 978-979-3627-61-8 | Galangpress Group |
| 2005 | Rebonding | ISBN 978-979-3627-45-8 | Galangpress Group |
| 2005 | Broken Heart, Psikopop Teen Guide | ISBN 978-979-3627-95-3 | Galangpress Group |
| 2006 | Koella, Bersamamu dan Terluka | ISBN 978-979-99007-8-4 | Pinus |
| 2006 | Sebuah Cinta yang Menangis | ISBN 978-979-99007-7-7 | Pinus |
| 2010 | Menagerie 7: People Like Us | ISBN 978-979-8083-74-7 | Lontar Foundation |
| 2012 | Ashmora Paria | ISBN 978-602-2550-044 | DIVA Press |
| 2012 | Koella, Bersamamu dan Terluka | ISBN 978-6027-6413-96 | DIVA Press |
| 2012 | Sebuah Cinta Yang Menangis | ISBN 978-6027-6403-06 | DIVA Press |
| 2012 | Maria Tsabat | ISBN 978-6027-6658-59 | DIVA Press |
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (en) "Writing at sexuality’s margins", Inside Indonesia, edisi Oktober-Desember 2003 (dipunundhuh tanggal 21 Januari 2013)
- ^ (id) Herlinatiens Blog", Ode Jari Manis (dipunundhuh tanggal 21 Januari 2013)