Harun Ar-Rasyid
| Harun ar-Rasyid | ||
|---|---|---|
| Khalifah Baghdad | ||
![]() |
||
| Mréntah | 14 September 786 - 24 March 809 15 Rabi' al-awwal 170AH - 3 Jumada al-thani 193AH |
|
| Miyos | 17 Maret 763 | |
| Rayy | ||
| Tilar donya | 24 Maret 809 | |
| Pendahulu | Abu Abdullah Musa bin Mahdi al-Hadi | |
| Pangganti | Muhammad bin Harun al-Amin | |
| Dinasti | Bani Abbasiyah | |
| Bapa | Muhammad bin Mansur al-Mahdi | |
| Ibu | Al-Khayzuran | |
Harun Ar-Rasyid inggih menika khalifah kaping gangsal saking dhinasti Abbasiyah, panjenenganipun misuwur minangka kadhermawananipun lan ugi syair-syairipun.[1] Panjenenganipun maréntah ngantos 23 taun (786-809), lan mbekta dhinasti kasebat dados majeng lan jaya ing babagan ékonomi, dagang, wewengkon, kakuaosan, politik, ilmu pengetahuan, lan peradaban Islam.[1] Panjenenganipun menika putranipun Al-Mahdi bin Abu Ja'far Al-Mansyur (ingkang maréntah taun 159-169 H/775-785 M) khalifah kaping tiga dhinasti Abbasiyah.[1] Ibunipun nggadhahi asma Khazirun, satunggalipun tilas budhak saking negari Yaman.[2] Ibunipun dados tiyang èstri ingkang nggadhahi pangaribawa (pengaruh) dhateng pamaréntahan garwanipun.[1]
Harun Ar-Rasyid minggah dados raja minangka gantosipun khalifah Al-Hadi (ingkang maréntah ing taun 785-786).[1] Harun Ar-Rasyid pikantuk pandidikan ing istana, pendidikan agami kaliyan ilmu pengetahuan.[1] Panjenenganipun kathah pikantuk pendidikan saking [[Yahya bin Walid (tilar donya taun 805; salah satunggalipun mentri nalika wekdal khalifah Harun Ar-Rasyid).[1] wiwit dados khalifah, Harun Ar-Rasyid ngawontenaken tali silaturahim ingkang raket supeket kaliyan ulama, ahli hukum, qari, panyerat, lan seniman.[1]
Harun Ar-Rasyid menika saatunggalipun tiyang ingkang sregep ngibadah, saben dintenipun tansah nglaksanakaken shalat sunnah satus rakaat.[1] Ngibadah haji, umroh ping kalih sataun.[1] Menawi tindak haji, para ulama lan putranipun ndhèrèk tindak.[1] Menawi boten tindak haji, panjenenganipun ngajikaken tigang atus tiyang kanthi ragad sedaya saking pamaréntah.[1] Harun Ar-Rasyid kajumenengaken dados raja nalika tanggal 15 Rabiul Awal 170 H utawi 4 September 786, minangka gantosipun sadhèrèkipun ingkang tilar donya ing taun 170 H/786 M.[1]
[sunting] Pranala Njawi
(id)Kesedihan Khalifah Harun Ar-Rasyid (id)Belajar Melawan Korupsi dari Khalifah Harun Ar Rasyid
[sunting] Cathetan Suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
