Hamengkubuwana X

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Sri Sultan Hamengkubuwana X
Sri Sultan Hamengkubuwana X
Raja Ngayogyakarta.
Miyos Yogyakarta, 2 April 1946
Jabatan

Yogyakarta Sultanate Hamengkubhuwono X Emblem.svg Raja Ngayogyakarta

Poster jumenengan taun 1980 (kolèksi Troopenmuseum

Sri Sultan Hamengkubuwana X utawa Bendara Radèn Mas Herjuna Darpita (miyos ing Yogyakarta, 2 April 1946, yuswa 65 taun) iku raja sing kaping sepuluh ing kraton Ngayogyakarta, lan Gubernur Dhaérah Istiméwa Yogyakarta.

Bab lan Paragraf

Silsilah [sunting]

  1. GRA Nurmalita Sari/GKR Pembayun
  2. GRA Nurmagupita/GKR Condrokirono
  3. GRA Nurkamnari Dewi /GKR Maduretno
  4. GRA Nurabra Juwita
  5. GRA Nurastuti Vijareni / GKR Bendoro

Mangsa cilikan lan pendhidhikan [sunting]

Hamengkubuwana X lair kanthi asma BRM Herjuno Darpito. Sawisé diwasa mawa sesebutan KGPH Mangkubumi lan sawisé diangkat minangka putra mahkota diparingi sesbutan KGPAA Hamengku Negara Sudibyo Rajaputra Nalendra ing Mataram. Hamengkubuwono X aiku lulusan Fakultas Hukum UGM.

Panobatan [sunting]

Sultan Hamengkubuwana X sarimbit karo Permaisuri Gusti Kanjeng Ratu Hemas ing adicara panobatan tanggal 7 Maret 1989 minangka raja Kasultanan Yogyakarta.

Panobatan Hamengkubuwono X minangka raja dilaksanakaké ing tanggal 7 Maret 1989 (Selasa Wage 19 Rajab 1921) kanthi sesebutan resmi Sampeyan Dalem ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Hamengku Buwana Senapati-ing-Ngalaga Abdurrahman Sayidin Panatagama Khalifatullah ingkang Jumeneng Kaping Sadasa.

Kagiatan organisasi [sunting]

Hamengkubuwono X aktif jroning rupa-rupa organisasi lan mengku sawetara jabatan antara liya ketua umum Kadinda DIY, ketua DPD Golkar DIY, ketua KONI DIY, Dirut PT Punokawan sing makarya babagan jasa konstruksi, Presiden Komisaris PG Madukismo, lan ing wulan Juli 1996 diangkat minangka Ketua Tim Ahli Gubernur DIY. Taun 2010, bebarengan karo Surya Paloh, Sri Sultan Hamengkubuwono X medhar gagasan madegé Nasional Demokrat.

Makalah [sunting]

Deleng uga [sunting]


Dipunrumiyini
déning:
Hamengkubuwana IX
Raja Kasultanan Yogyakarta
1988 - ....
Dipunlajengaken
déning:
saweg njabat


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Hamengkubuwana_X&oldid=830831"