Gerard Kuiper
| Gerard P. Kuiper | |
|---|---|
Gerard Kuiper c. 1963.
|
|
| Miyos | 7 Desember 1905 Tuitjenhorn |
| Tilar donya | 24 Desember 1973 (umur 68) Mexico City |
| Warga negara | Amérika Sarékat |
| Kabangsan | Walanda |
| Bidhang | astronom |
| Kaahlian | Sabuk Kuiper |
Gerard Peter Kuiper (lair kanthi jeneng Gerrit Pieter Kuiper; Harenkarspel, 7 Desember 1905 – Ciudad de Mexico, 23 Desember 1973) iku sawijining astronom kalairan Walanda. Dilairaké lan didhidhik ing Walanda, Kuiper pindhah menyang Amérika Sarékat nalika taun 1933 lan éntuk kawarganegaran Amérika Sarékat nalika taun 1937.
Kuiper nemokaké loro rembulan kanggo planèt jroning Tata Surya, yaiku Miranda, rembulané Uranus, lan Nereid, rembulané Neptunus. Dhèwèké uga ngajokaké pendhapat yèn ana bunderan ing sanjabaning orbit Neptunus sing saiki dijenengi Sabuk Kuiper, sing kawujudané wis dibuktèkaké (delengen objèk trans-Neptunus). Kuiper uga ngrintis pangamatan infra udhara migunakaké montor mabur Convair 990 nalika taun 1960-an.
Nalika taun 1959, Kuiper menangi Bebungah Henry Norris Russell saka Persatuan Astronomi Amérika.
Nalika taun 1960-an, Kuiper mbiyantu ngidhèntifikasi tapak pandharatan ing rembulan kanggo program Apollo.