Franz Beckenbauer

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Franz Beckenbauer
Franz Beckenbauer 2006 06 17.jpg
Informasi pribadi
Jeneng pepak Franz Anton Beckenbauer
Tanggal lair 11 September 1945
Papan lair München, Jerman
Posisi pamain Sweeper/Libero
Informasi klub
Klub saiki Pensiun
Karir remaja
1959-1964 Bayern München
Karir senior*
Taun Tim Apps (Gls)
1965-77
1977-80+1983
1980-82
Bayern München
New York Cosmos
Hamburger SV
396 (44)
105 (19)
28 (0)
Tim nasional
1965-77 Jerman Barat 103 (14)
Manajer tim
1984-1990
1994+1996
Jerman Barat
Bayern München
* Senior club appearances and goals counted for the domestic league only.
† Appearances (Goals).


Franz Anton Beckenbauer (lair ing Muenchen, Jerman, 11 September 1945; umur 67 taun) inggih menika pemain bal-balan saking negari Jerman, pelatih tim nasional Jerman, sarta tokoh organisasi bal-balan Eropa.[1][2] Franz angsal julukan Der Kaiser ("Sang Kaisar") margi gayanipun nalika main bal ingkang sae lan anggun, sae anggenipun mimpin tim, lan dominasinipun ing lapangan minangka libero.[1] Franz dados angguta tim nasional Jerman Kilen wiwit pungkasan taun 1960-an ngantos pungkasan taun 1970-an.[2] Nalika Jerman Kilen dados juara Piala Dunia FIFA taun 1974 panjenenganipun minangka kapten tim.[2] Franz lajeng dados pelatih tim nasional sasampunipun pensiun main bal.[2] Franz nglatih tim nasional Jerman lan kasil pikantuk juara Piala Dunia FIFA taun 1990 ing Italia.[2]

Bab lan Paragraf

Wekdal alitipun [sunting]

Beckenbauer lair nalika rampungipun Perang Donya II, putra nomer kalih saking Franz Beckenbauer, Sr. lan Antonie. Beckenbauer.[1][3] Beckenbauer ageng ing wewengkon Giesing lan wiwit latian bal ing klub lokal SC Munich 06 nalika umur 13 taun.[3] Beckenbauer nggadhahi posisi minangka pangajeng utawi striker, Beckenbauer nggadhahi pemain bal favorit saking tim nasional Jerman Kilen, Fritz Walter lan ndhukung klub 1860 Munich.[3] Nalika Beckenbauer langkung milih ndherek klub Bayern München, mengsahipun klub 1860 Munich, amargi nalika wonten turnamen junior, klubipun Beckenbauer kepanggih kaliyan 1860 Munich.[3] Nalika semanten klub 1860 Munich main balipun langkung atos, saengga Beckenbauer langkung milih klub Bayern München.[3]

Karier klub [sunting]

Bayern München [sunting]

Franz Beckenbauer nglaksanakaken debut kaliyan klub Bayern nalika wonten liga regional kidul mengsah klub Stuttgarter Kickers tanggal 6 Juni 1964.[3] Musim ingkang pisanan kaliyan klub Bayern Munich, Beckenbauer main cacah 31 adu tandhing kanthi nglebetaken 16 gol.[3] Beckenbauer saged main bal kanthi sae lan impresif saengga saged nyurung tim Bayern Munchen saged menangaken Piala Jerman lan angsal Piala Winners taun 1968/1969.[3]

Cathetan Suku [sunting]

  1. ^ a b c (en)Franz Beckenbauer bio (dipunundhuh tanggal 10 Juli 2011)
  2. ^ a b c d e (en)Franz Beckenbauer (dipunundhuh tanggal 10 Juli 2011)
  3. ^ a b c d e f g h (en)Ulrich Hesse-Lichtenberger. 2002. Tor! The Story of German Football. Jerman: WSC Books


Pranala njawi [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Franz_Beckenbauer&oldid=831149"