Emily Robison
| Emily Robison | |
|---|---|
Emily Robison tampil ing Austin, Texas nalika Accidents & Accusations Tour.
|
|
| Latar wuri | |
| Jeneng | Emily Burns Erwin |
| Asal | Pittsfield, Massachusetts, Amérika Sarékat |
| Génré | alternative country musik country bluegrass country rock musik folk blue-eyed soul |
| Pegawéyan | pemusik, pangripta lagu, penyanyi |
| Instrumèn | banjo, dobro, akordion, gitar, bass, papoose |
| Taun aktif | 1989–saiki |
| Label | SonyBMG/Open Wide/Columbia |
| Magepokan karo | Dixie Chicks |
| Anggota saiki | |
| Martie Maguire Emily Robison Natalie Maines |
|
| Tilas anggota | |
| Robin Lynn Macy Laura Lynch |
|
| Alat musik | |
| Banjo: akustik RB-4 dan RB-250, electric Nechville Meteor, Dobro: Scheerhorn squareneck, Gibson 60-D squareneck Gitar akustik: Taylor 714ce, Gibson J-45 |
|
Emily Robison (lair kanthi jeneng Emily Burns Erwin, lair ing Pittsfield, Massachusetts, Amérika Sarékat, 16 Agustus 1972; umur 39 taun yaiku penyanyi lan uga dadi pangripta lagu saka Amérika Sarékat.[1] Dhèwèké uga pamadeg grup musik Dixie Chicks kang ditepungi bisa mainaké alat musik kaya banjo, dobro, gitar, papoose, bass akustik, mandolin, akordion, lan sitar.[1]
Nalika isih cilik, Emily Erwin diajak pindhah wong tuwané saka Pittsfield, Massachusetts ing Addison, Texas kang ana ing pinggir kutha Dallas. Dhèwèké digedhèkaké bebarengan karo mbakyuné Julia lan Martha.[1] Wong tuwané duwé kepénginan Emily lan Martha bisa nguwasani macem-macem alat musik nalika isih ana ing SD.[1] Sawisé miwiti sinau biola yaiku nalika umur 7 taun, banjo yaiku nalika umure 10 taun, Emily banjur njajal kanggo nyinaoni kabèh jenis alat musik gèsèk kang bisa ditemoni.[2]
Sakwisé mahir dolanan alat musik, Emily lan Martie saka taun 1984 nganti tekan taun 1989 mbentuk grup musik bareng karo kanca sekolahé, Troy lan Sharon Gilchrist.[2] Wong papat mau banjur mbentuk grup Blue Night Express.[2] Jeneng mau dijupuk merga grup mau mèlu ana ing fèstival-fèstival musik kang leté adoh.[2]
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ a b c d Malkin, Nina www.imdb.com.
- ↑ a b c d Malkin, Nina "A Little About Martie", Dixie Chicks Henhouse (URL diaksès 31 Desember 2007).