David Cameron
|
|
|
|---|---|
| Isih Mengku jabatan | |
| Miwiti Mengku jabatan 11 Mei 2010 |
|
| Panguwasa monarki | Elizabeth II |
| Deputi | Nick Clegg |
| Pejabat sadurungé | Gordon Brown |
|
|
|
| Mangsa jabatan 6 Desember 2005 – 11 Mei 2010 |
|
| Perdhana Mentri | Tony Blair Gordon Brown |
| Panguwasa monarki | Elizabeth II |
| Pejabat sadurungé | Michael Howard |
| Pengganti | Harriet Harman |
|
Mentri Pendidikan lan Keterampilan (Oposisi)
|
|
| Mangsa jabatan 6 Mei 2005 – 6 Desember 2005 |
|
| Pemimpin | Michael Howard |
| Pejabat sadurungé | Tim Yeo |
| Pengganti | David Willetts |
| Isih Mengku jabatan | |
| Miwiti Mengku jabatan 7 Juni 2001 |
|
| Pejabat sadurungé | Shaun Woodward |
| Mayoritas | 22.740 (32,5%) |
|
|
|
| Lair | 9 Oktober 1966 (umur 46) London, Britania Raya |
| Partai pulitik | Parté Konservatif |
| Pasangan | Samantha Sheffield (palakrami
1996–samenika) |
| Anak | Ivan Reginald Ian (tilar donya) Nancy Gwen Arthur Elwen Florence Rose Endellion |
| Papan padunungan | 10 Downing Street (resmi) |
| Almamater | Brasenose College, Oxford |
| Agama | Anglikan |
| Tapak asma | David Cameron's signature |
| Situs resmi | Situs web Partai Konservatif |
David William Donald Cameron (lair ing London, Inggris, 9 Oktober 1966; umur 46 taun) inggih menika Perdana Mentri Britania Raya lan ugi pangarsanipun Parté Konservatif (Britania Raya).[1] Cameron makili Witney (parlemén Inggris) minangka anggota parlemén.[1] Cameron sinau ilmu filsafat, politik, lan ekonomi ing Universitas Oxford, panjenenganipun pikantuk gelar kaurmatan ing kelas kapisan.[1] Panjenenganipun lajeng ndèrèk Dhepartemen Panaliten Konservatif lan dados penasihat khususipun Norman Lamont, lajeng ugi dados panasihatipun Michael Howard.[1] Cameron ugi dados dhirektur COrporate Affairs ing Carlton Komunikasi ngantos pitung taun dangunipun.[1]
Wonten ing satunggalipun penyalonan ingkang kapisan kanggé parlemén ing Stafford nalika taun 1997 panjenenganipun kalah.[1] Ananging Cameron kapilih minangka anggota parlemén kanggé Oxfordshire, konstituensi saking parelemén Inggris. Kalih taun salajengipun, panjenenganipun dipunpromosikaken dados pangarsanipun parté oposisi.[1] Panjenenganipun dados pangarsanipun lan ngatur kampanye pamilian umum taun 2005.[1] Kanthi citra publik ingkang saé minangka calon mudha ingkang modherat saéngga saged narik kawigaten pamilih enèm, panjenenganipun lajeng menang dados pangarsanipun kapemimpinan konservatif ing taun 2005.[1] Nalika pamilian umum 2010 ingkang dipunwontenaken ing tanggal 6 Mei, parté konservatif menangaken 307 kursi lan Cameron lajeng dipunlantik dados perdana mentri ing tanggal 11 Mei 2010.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Pranala Njawi [sunting]
- David Cameron MP - situs web resmi