Cingkarabala saha Upatabala

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Cingkarabala Surakarta
Upatabala Surakarta

Cingkarabala saha Upatabala inggíh menikå sadulur ingkang gadhah rupå sami utawi kembar. menikå kålawåu gadhah sadulur sepuh ingkang ujudipun Lembu Gumarang (lembu ingkang gadhah wernå dhasar pethak såhå abrit kuning jené) ingkang gadhah nåmå Nåndhå/Nandhi/Nandhini utawi dipunsebat ugi Handhini. Lembu menikå dados piranti mlampah Sang Hyang Manikmaya.[1]

Kahyangan[besut | besut sumber]

Papan dunungipun Cingkåråbålå såhå Upåtåbålå wonten ing Surålåyå. Menikå kålåwåu tugasipun jagi pintu gerbang Surålåyå ingkang namanipun Selamatangkep.

Tiyang Sepuhipun[besut | besut sumber]

sadulur kalih kalawau gadhah rama ingkang namanipun Prabu Patanam, raja jin wonten ing jasirah Dahulagiri.

Dedeg saha Sipat[besut | besut sumber]

sadulur kalih punika sami-sami ujudipun Danawa utawi Raseksa. lemu, endhék saha rupanipun gegirisi. Sipatipun punika kejem nanging wonten ing sakwalikipun sipat kejem punika ugi gadhah sipat setia, patuh, teguh, kukuh.

Prastawa Suralaya[besut | besut sumber]

Wadyabala Ngalengka sampun dumugi gerbang Suralaya, inggih punika Selamatangkep ingkang dipunjagi déning Cingkarabala saha Upatabala. Sawetawis mriksani wadya bala raseksa ingkang kathahipun ngantos boten saged dipunetang, sadulur kembar kalawau lajeng ajrih sanget lajeng teras kemawon nutup pintu gerbang Selamatangkep, lajeng lumayu ngaturi priksa Bathara Indra. sasampunipun midanget palapuran punika, Bathara Indra lajeng paring dhawuh supados nyamektakaken wadya bala Dorandara. Wadya bala saking Ngalengka, sasampunipun bikak gerbang Selamatangkep mawi rodha paripaksa, mlebet teras wonten ing Suralaya, boten dangu sampun dugi Repatkepanasan. Lajeng yudha wonten ing papan punika kalampahan. seedangunipun wekdal wadya bala Dorandara punika katingal badhé kasor, lajeng Bathara Indra majeng perang, dipunladeni déning Prabu Dasamuka. Bola-bali punika Dasamuka pejah nanging samanten ugi Dasamuka gesang malih, amargi Dasamuka gadhah aji Pancasona. Nanging rayi Dasamuka, inggih punika Kumbakarna was-was bilih samangke kakangmas tenaganipun ngantos telas, mesthi Dasamuka punika kasoran. Lajeng sawekdal Indra badhé manah Dasamuka, Kumbakarna nguntalaken gada lan kena dhadhanipun Indra ugi ambruk kapidara. boten dangu Bathara Narada rawuh wonten ing Repatkepanasan, lajeng ngendika bilih Dewi Sri boten wonten ing Suralaya, nanging wonten Marcapada saweg nyamar dados Dewi Citrawati putri Magada putra Prabu Citradarma ingkang sampun dipungarwa déning Prabu Arjunawijaya raja Maespati, teras Dasamuka, Kumbakarna saha Wibisana dipunparingi ratu-ratune widadari.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [Yasasusastra, J. Syahban, 2011, Mengenal Tokoh Pewayangan, Yogyakarta: Pustaka Mahardika Mengenal Tokoh Pewayangan]
  2. [Dwiyanto, djoko, dkk, 2010, Ensiklopedi Wayang, Yogyakarta: Media Abadi Ensiklopedi Wayang]