Christiaan N. Barnard
Cristiaan N. Barnard (lair ing Beaufort, Western Cape, Afrika Kidul, 8 November 1922 – tilar donya ing Paphos, Dhistrik Paphos, Siprus, 2 September 2001 kanthi yuswa 78 taun) yaiku penemu sistem transplantasi utawa pencangkokan jantung manungsa.[1] Dheweke lair ing dhaerah plosok ing Afrika Kidul.[1] Dheweke yaiku sawijining dhokter.[1] Gelar dhoktere saka Fakultas Kedhokteran Universitas Cape Town nalika Taun 1946.[1] Nalika kuliyah, dheweke dikenal minangka mahasiswa kang pinter lan duweni pangelingan kang dhuwur.[1] Nalika dheweke ngabdi, dheweke sinau babagan lelara tubercular meningitis, lelara radhang saluran pernapasan kang disebabake dening infeksi.[1] Sawise ngabdi, dheweke nyambut gawe ana ing Rumah Sakit Groote Schuur ing Cape Town.[1] Ing kono, dheweke mulai seneng karo elmu bedhah.[1] Karo sedulur lanange, yaiku Marius kang uga sawijining ahli bedhah, Bernard nindakake pirang-pirang percobaan pencangkokan jantung kanthi nggunakake asu minangka kewan percobane.[1] Tanggal 3 Desember 1967, dheweke kasil anggone nindakake pencangkokan jantung manungsa.[1]
Wong kang wiwitan dadi pasien cangkok jantung yaiku Louis Washkansky, wong lanang kang umure 55 taun.[2] Dheweke entuk donor jantung saka sawijining wong wadon kang isih enom kang lagi kecelakaan.[2] Senajan uteke wis mati, nanging jantunge wong wadon mau isih bisa obah.[2] Sawise pencangkokakan, Louis Washkanski dadi waras maneh, mula dheweke bisa lungguh ana ing dhuwur kasur.[2] Nanging sawise wolulas dina, dheweke tinggal donya amarga radhang saluran pernapasan (pneumonia).[2] Sisitem kekebalanne mudhun akibat nggunakake obat-obatan lan radiasi kang ditindakake nalika oprasi.[2] Kedadeyan mau gawe masarakat dadi ora patiya percaya marang panemone Barnard, mula akeh kang padha protes.[2] Senajan akeh kang padha protes, nanging Bernard tetep nindakake cangkok jantung kanthi ngowahi cara-carane.[2] Saya suwe, operasi pencangkokan jantung saya kasil mula akeh pasien kang bisa dhawa umure.[2] Taun 1983, luwih saka 63 oprasi cangkok jantung, kerep ditindakake.[2] Ing Rumah Sakit Groote Schuur, Bernard uga kasil anggone nindakake oprasi dobel marang sawijing wong lanang kang umure 50 taun.[2]