Charles Francis Richter

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Charles Richter

Charles Francis Richter yaiku penemu skala richter. [1]Skla richter yaiku ukuran kekuatan gempa. [1] Charles Francis Richter lair ing sawijining peternakan ing Hamilton, Ohio, Amerika Serikat, tanggal 26 April 1900. [1] Nalika isih enom, dheweke ngalih ana ing Los Angeles.[1] Dheweke kuliyah ana ing ''Universitas of Southem California'', wiwit umur 16 taun. [1] Banjur dheweke nerusake kuliyah ing Stanford University. [1] Sawise kuwi, Richter uga nerusake kuliyahe ana ing Universitas Cal Tech (California Institut of Technologi) lan candhake dheweke entuk gelar doktoral (ph.D) ing bidang teori fisika.[1] Nalika nyandhang gelar Ph.D, Richter kepengin nyambut gawe ing Cal Tech minangka ahli fisika. [1] Dheweke ditampa minangka ahli seismologi, yaiku sawijining bidhang kang ora pati dikuwasani dheweke. [1] Nanging, saking sregepe anggone nyambut gawe, mula dheweke malah dadi ahli seismologi kang misuwur ing donya. [1] Ing Cal Tech, Richter uga kasil anggone ngembangake sawijining cara kanggo ngenali kekuatan gempa kanthi gunakake ukuran kang objektif. [1]

Nalika kuwi, kekutan gempa diukur nganggo tingkat kerusakan kang kelakon. [2]Richter lan kancane yaiku Beno Gutenberg, nemokake skala ukuran mau, lan nyebarake panemone mau lantaran paper taun 1935. [2]Skala kang diciptakake Richter iki adhedhasar dhuwure seismik, yaiku gelombang laut. [2]Skala Richter minangka logaritma, kang mundhak ing sawijining magnitudo kang padha karo amplitudo ping 10. [2]Magnitudo gempa bumi diukur aka kekuwatan energi kang diukur saka amplitudo gelombang seismik kang didata saka pirang-pirang panggonan. [2]Panyaruwene Richter, sansaya gedhe kekuwatan intrinsik gempa, ateges sansaya gedhe uga amplitudo obahing seismik ing jarak tertemtu. [2]Angka amplitudo iki diolihi saka piranti pengukur seismik gawene Wood-Anderson. [2]Saliyane gawe skala richter, Richter uga nulis buku teks kanggo seismik. [2]Buku mau yaiku Elementary Seismologi (1958) lan Seismicity of The Eart kang ditulis dening Beno Guteberg (1954). [2]Charles Francis kawin karo Lilian Brand taun 1928. [2]Richter tinggal donya tanggal 20 April 1985 ing Altadena, California.

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k (id) [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 70]
  2. a b c d e f g h i j (id) [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 71]
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès