Beno Gutenberg
Beno Gutenberg yaiku penemu penyebab gempa. [1]Beno Gutenberg lair ing Darmstadt, Jerman taun 1889. [1]Bapake yaiku wong kang duweni pabrik sabun. [1]Bapake kepingin yen anake dadi sawijining pengusaha, lan bisa nerusake usahane mau. [1]Nanging Beno luwih seneng sinau elmu pengetahuan tininmbang sinau bidhang bisnis.[1] Taun 1907, dheweke kuliyah lan ketemu karo ilmuwan Emil Wiechert, wong kang nyiptakake seismograf (piranti pendeteksi gempa). [1]Emil marai Beno ngoprasikake seismograf. [1]Kanthi nggunakake seismograf ciptaane Emil, candhake Beno bisa nindakake paneliten ngenani penyebab gempa ing Pantai Norwegia nganti Gottigen (Jerman). [1]Asile, dheweke bisa mbuktikake menawa gempa bumi tektonik disebabake dening obahing lempeng bumi. [2]Lempeng bumi yaiku lempeng watu raksasa kang ana ing jero bumi. [2]Lempeng-lempeng mau kemambang ing dhuwur lapisan mentel bumi kang lunak lan terus obah.[2] Amrga obah, mula bisa tabrakan. [2] akibat perang donya, Beno kepeksa mandhegake panelitennya.[2] apamaneh bapake tinggal dunya ing perang.[2]kedadeyan mau, ndadekake Beno ngurus perusahaane bapake. [2]nanging kanthi dasar panelitene, ilmuwan jaman saiki bisa neliti srtuktur lapisan bumi lan gempa bumi kanthi luwih teliti.[2]
Cathetan suku [sunting]
Ă