Capelin

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Capelin
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Chordata
kelas: Actinopterygii
ordo: Osmeriformes
kulawarga: Osmeridae
Genus: Mallotus
Species: M. villosus
Jeneng binomial
Mallotus villosus
Müller, 1776

Capelin (Mallotus villosus) yaiku jinis iwak mambu kang asale saka kulawarga Osmeridae (biyasane sinebut iwak ndas watu).[1] Capelin tau dadi panganan pokok ing Atlantik Utara.[1] Nalika populasi ikan capelin kalong, pcacahing pendhudhuk ing panggonan kuwi sansaya mudun.[1] Capelin duweni lambe gedhe kanthi rahang ngisor kang amba ing ngisor mata.[2] Capelin lanang duweni awak gedhe tinimbang capelin wadon. Capelin lanang uga duweni sirip ing silit kanthi bentuk cembung.[2]

Bab lan Paragraf

[sunting] Habitat

Umume, Capelin ngelangi cedhake lumahing banyon kang jerune ngant 200 m lan nglangi bebarengan kanthi cacah akeh.[3] Capelin urip ing laut lepas. Capelin ditemokake ing pirang-pirang panggonan banyon ing donya, yaiku:[3]

[sunting] Werna lan ukuran

Capelin wernane ijo semrawang, kaya sirahe zaitun, nanging sisi-sisine wernane radha perak, lan wetenge wernane putih.[2] Umume capelin dawane sekitar 6,5-7,5 inci, senajan ana uga kang dawane 9 inci.[2]

[sunting] Kawinan

Capelin nglakoni proses kawinan (pamijahan) antarane sasi Maret lan Oktober.[3] Pamijahan ditindakake dening capelin wadon lan rong capelin lanang.[3] Umume, pamijahan ana ing temperatur 430C-500C lan luwih aktif nalika wengi.[3]

[sunting] Ngendhog

Sawise kawinan, capelin wadon ngendhog ing lautkang cethèk ing dhuwuring kerikil alus utawa ing pante.[3] Kewan iki netes kanthi mbutuhake wektu kang suwene 15 dina ing suhu 100C.[3] Saben capelin wadon ngasilake antarane 3.000 lan 56.000 endhok.[3]


[sunting] Cathetan suku

  1. a b c (en) Capelin, www7.taosnet.com. Diundhuh tanggal 9 Juni 2010.
  2. a b c d (en) Capelin Mallotus villosus (Müller) 1777, www.gma.org. Diundhuh tanggal 9 Juni 2010.
  3. a b c d e f g h (en) Shultz, Ken.(2004). Field Guide to Saltwater Fish. Canada. John Wiley & Sons, Inc. Page 51

[sunting] Pranala njaba

Cithakan:Hewan-stub

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Capelin&oldid=561680"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès