Bunraku

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gedung Teater Nasional Bunraku ing Osaka

Bunraku (文楽?) inggih punika sandiwara bonéka tradhisional Jepang ingkang kalebet salah satunggal jinis ningyo johruri (人形浄瑠璃 ningyō jōruri?, bonéka jōruri). Istilah bunraku mliginipun dipun-ginakaken kanggé ninyo johruri (sandiwara bonéka kanthi iringan musik johruri) ingkang mekar ing Osaka [1]. Jōruri utawi dipunserat minangka johruri inggih punika sebatan kanggé naskah awujud tembang. Ingkang nembang johruri dipunwastani tayū lan nembang kanthi iringan musik shamisen. Kesenian punika kawiwitan saking paméntasan ningyo johruri déning seniman Uemura Bunrakuken I ing Osaka saéngga dipunparingi nama "bunraku". Sadèrèngipun kesenian punika ugi dipunsebat ayatsuri jōruri shibai (sandiwara johruri ayatsuri) lan nembé kanthi resmi dipunparingi nama bunraku wiwit saking pungkasan jaman Meiji (1868-1912).[2]

Satunggaling bonéka kanggé dolanan tigang dhalang punika dipunsebat ningyō tsukai. Nalika nglakokaké bonéka, dhalang boten ndelikké piyambakipun saking pamirsa. Obah owahing bonéka dipundamel kados urip temenan mawi kalih tangan lan sikil ingkang saged dipunobahaken sarta praupan bonéka ingkang saged éwah miturut karakter. Tugasipun dhalang namung ngobahaken bonéka, déné sadaya cakepan dialog dados pakaryanipun 'tayū' mawi iringan musik shamisen. Tingkatan dhalang dipunatur dhedhasar tingkat keterampilan lan kawruh. Dalang ingkang gadhah pengalaman ngobahaken pérangan sirah lan lengen sisih tengen. Déné ing pérangan sikil dipunobahaken déning dhalang ingkang paling junior. Dalang kepala ngagem geta mawi hak inggil (20 cm dumugi 50 cm) saking kayu supados ngimbangi posisi dhalang ingkang ngobahaken pérangan sikil bonéka.[3] Kementerian Pendidikan Jepang netepaken bunraku minangka Warisan Agung Budaya Nonbendawi. UNESCO netepaken bunraku minangka Karya Agung Warisan Budaya Lesan lan Nonbendawi Manungsa wonten ing pratélan ingkang terbit taun 2003.

Istilah[besut | besut sumber]

Bunraku punika pagelaran ingkang namung saged dipunlampahi déning tiyang jaler. Tigang unsur pagelaran teater bunraku punika dipunwastani sangyō ingkang kapérang saking tayū (penyanyi), juru main shamisen, lan ningyō tsukai (dhalang). Ing sisih tengen pamirsa wonten panggung ingkang dipunsebat yuka. Sanginggiling yuka wonten panggung mubeng ingkang dados papan kanggé lenggah tayū lan juru main shamisen. Pérangan awak dhalang saking boyok (pinggang) mangandhap dipuntutup saking penonton kanthi ngginakaken tutup saking kayu ingkang dipusebat tesuri.

Penyanyi[besut | besut sumber]

Tayū punika sebatan kanggé penyanyi ingkang nembangaken johruri (narasi mawi iringan shamisen). Saking manéka jinis kesenian johruri ingkang wonten gidayūbushi義太夫節 ({{{2}}}?) punika satunggaling jinis johruri ingkang dipunwiwiti déning Takemoto Gidayū saking Osaka nalika wiwitan jaman Edo.

Dalang[besut | besut sumber]

Ing jaman rumiyin, bonéka namung dipunobahaken déning dhalang. Ing pagelaran ngginakaken tigang dhalang kanggé satunggal bonékah dipuntepangaken nalika taun 1734 ing pagelaran kanthi irah-irahan "Ashiya Dōman Ōchi Kagami". Ing jaman sapunika, bunraku ngginakaken tigang dhalang kanggé satunggal bonéka. Dalan senior ingkang dipunsebat omozukai ngobahaken pérangan gulu (sirah) lan lengen sisih tengen. Sadèrèngipun dados omozukai dipunbetahaken pengalaman "sedasa taun kanggé ngobahaken sikil, lan sedasa taun kanggé lengen kiwa".[3] Dalang ingkang ngobahaken lengen kiwa punika dipunsebat hidarizukai, déné dhalang ingkang ngobahaken sikil punika dipunsebat ashizukai. Tiga dalan mawi busana sarwi ireng (kuroko).

Boneka[besut | besut sumber]

Sirahboneka[besut | besut sumber]

Jinis sirah bonékah[besut | besut sumber]

Busana[besut | besut sumber]

Bonéka ngginakaken busana memakai kostum wujud kimono ingkang kapérang dados busana njero (juban), mantel (haori), mantel manita (uchikake), kerah (eri), lan sabuk pinggang ingkang dipunsebat obi. Ing pérangan njero busana dipunparingi lapisan kapas supados pérangan awak katingal alami. Busana saged dipunuculi lan dipunsimpen kapisah saking sirahipun. Ningyō-koshiraeru punika pakryan masang klambi kanggé sirah bonékah ingkang dipunwontenaken sadèrèngipun bonéka dipun-ginakaken.

Sajarah[besut | besut sumber]

Cerita[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Bunraku Archived 2012-06-20 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 24 Fèbruari 2013)
  2. "What is Bunraku". An Introduction to Bunraku: A Guide to Watching Japan's Puppet Theater. Japan Arts Council. Diarsip saka sing asli ing 2008-03-20. Dibukak ing 2013-02-24.
  3. a b "The Puppeteers". An Introduction to Bunraku: A Guide to Watching Japan's Puppet Theater. Japan Arts Council. Diarsip saka sing asli ing 2007-01-26. Dibukak ing 2013-02-24.

Pranala njawi[besut | besut sumber]