Kimono
Kimono (着物?) yaiku sandhangan tradhisional Jepang. [1]Kimono tegesé klambi utawa barang kang dianggo (ki tegesé anggo, lan mono tegesé barang).[1]
Jaman saiki, kimono bentuké kaya huruf "T", mirip mantel kang lengené dawa lan ana krahé.[1] Dawané kimono digawé nganti ing sikil bagéyan ngisor.[1] Wong wadon kang nganggo kimono bentuké klambiné yaiku klambi terusan, ananging wong lanang nggunakaké kimono kang bentuké stelan.[1] Krah bagéyan tengen kuduné ana ing ngisor krah bagéyan tengen.[1] Sabuk kain kang diarani obi dianggo ing bagéyan weteng utawa bangkékan lan ditaléni ing bagéyan geger.[1] Nalika nganggo kimono uga kudu nganggo zōri utawa geta kanggo nutup tlapakan sikil.[1]
Kimono saiki luwih kerep dianggo wong wédok.[1] Kimono dianggo nalika ana acara-acara kang khusus.[1] Wong wadon kang durung kawin nganggo kimono kang diarani furisode.[1] Ciri khas furisode yaiku lengené kang amba meh tekan ngisor.[1] Wong wadon kang umure wis 20 taun nganggo furisode kanggo nekani seijin shiki.[1] Wong lanang nganggo kimono ing riyaya nganténan, upacara ngombé teh, lan ing acara] formal liyané. [1] Nalika ing njaba panggonan sumo, pesumo kang profesional kudu nganggo kimono.[2] Bocah-bocah nganggo kimono nalika nekani acara perayaan Shichi-Go-San.[1] Saliyané iku kimono uga dianggo wong kang kerja ing bidhang industri jasa lan pariwisata, pelayan wadon ing rumah makan tradhisional (ryōtei) lan pegawé panginepan tradhisional (ryokan).[2]
Aksésori lan pelengkap [sunting]
- Hakama yaiku clana dawa wong lanang kang digawé saka bahan kang wernané peteng. [1] Clana jinis iki asalé saka daratan Cina lan wiwit dikenal wiwit zaman Asuka.[1] Saliyané dianggo pandhita Shinto, hakama uga dianggo wong lanang lan wong wadon ing bidhang olahraga bela diri kayata kendo utawa kyudo.[1]
- Geta yaiku sandhal kang ana haké.[1] Sandal iki digawé saka kayu.[1] Maiko nganggo geta kang hake dhuwur lan kandel kang diarani pokkuri.[1]
- Kanzashi yaiku hiasan rambut kang bentuké kaya tusuk konde kang dianggo ing rambut nalika nganggo kimono.[1]
- Zōri yaiku sandhal tradhisional kang digawé saka kain utawa anyaman.[1]
Cathetan suku [sunting]