Boris Yeltsin

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Boris Nikolayevich Yeltsin
Борис Николаевич Ельцин
Boris Yeltsin

Mangsa jabatan
10 Juli 1991 – 31 Desember 1999
Pejabat sadurungé Boten wonten (dipunlantik minangka Présidhèn Rusia sasampunipun Uni Sovyèt bibar lan pamimpin pungkasan Uni Sovyèt Mikhail Gorbachev lèngsèr saking jabatanipun)
Pengganti Vladimir Putin

Lair 1 Februari 1931
Butka, Sverdlovsk,
Rusia SFSR
Tilar donya 23 April 2007 (umur 76)
Moskow, Rusia
Kabangsan Rusia
Pasangan Naina Yeltsina
Agama Atheisme[1][2]
Tapak asma Boris Yeltsin's signature

Boris Nikolayevich Yeltsin (IPA: [bʌˈrʲis nʲikoˈlajevɨtɕ ˈjelʲtsɨn], Rusia: Бори́с Никола́евич Е́льцин) (1 Februari 1931 - 23 April 2007) tampil sepindhah kanggé posisi Présidhèn Federasi Rusia, njabat taun 1991-1999. Panjenenganipun miyos ing Sverdlovsk (sapuniki Yekaterinburg), Républik Sovyèt Rusia, Uni Sovyèt lan présidhèn Rusia samangsa pasca Uni Sovyèt.

Bab lan Paragraf

Riwayat pulitik [sunting]

Éra Yeltsin punika mangsa dramatis salebetipun sajarah Rusia — periode ingkang dipuntengeri kanthi éwah-éwahan pulitik révolusioner, demokrasi - sesarengan kaliyan wontenipun masalah ageng pulitik lan sosial, setunggil ing antawisipun inggih punika korupsi ingkang ngrajalela lan binuka.

Ing wulan Juni 1991 Yeltsin minggah takhta sesarengan kaliyan gelombang pangajeng-ajeng ingkang inggil dhemi réformasi pulitik lan kakuciwan kaliyan kakuwaosan komunis.

Tanggal 12 Juni Yeltsin dipunpilih minangka présidhèn Républik Sosialis Sovyèt Rusia ingkang dipunbentuk dados federasi kanthi 57% saking swantun, dados présidhèn sepindhah ingkang dipunpilih sacara langsung ing sajarah Rusia.

Ing wulan Agustus 1991, Yeltsin pikantuk pangalembana internasional amargi panjenenganipun sacara kendel lan minangka satunggiling demokrat saged nglawan usaha kudhéta ingkang dipunlampahi déning kaum komunis garis keras. Perkawis puniki ing pungkasanipun mbeta ancuripun komunisme nanging ugi ancuripun Uni Sovyèt, nanging ndadosaken Yeltsin minangka tiyang paling kiyat ing Kremlin.

Émanipun panjenenganipun piyambak dados satunggiling autokrat otoritèr lan mboten naté pikantuk malih popularitasipun lan panjenenganipun nilar jabatan nalika tanggal 31 Desember 1999 minangka tiyang ingkang dipunsengit. Panjenenganipun dipungantosaken déning Vladimir Putin.

Panjenenganipun tilar donya tanggal 23 April 2007 amargi gagal jantung.

Kutipan perkawis tilar donyanipun Yeltsin [sunting]

  • Mikhail Gorbachev - Kula dhèrèk belasungkawa dhumateng kulawarga satunggiling priyantun ing pundi ing pundhakipun matumpu kathah karya ngédab-édabi ingkang saé kanggé nagari lan kasalahan ageng -- nasib tragis

Pranala njawi [sunting]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:



Sing mengku  sadurungé:
Oleg Lobov
Perdhana Mentri Rusia
19911992
Diganti déning:
Yegor Gaidar
Sing mengku  sadurungé:
Boten wonten
Présidhèn Rusia
1991-1999
Diganti déning:
Vladimir Putin




Flag of the Soviet Union.svg
Pamimpin Uni Sovyèt lan Fèdherasi Rusia
Flag of Russia.svg

Uni Sovyèt: Lenin - Trotski - Josef Stalin - Nikita Khrushchev - Leonid Brezhnev - Yuri Andropov - Konstantin Chernenko - Gorbachev
Fèdherasi Rusia: Yeltsin - Putin - Medvedev


Réferènsi [sunting]

  1. ^ "В Храме Христа Спасителя простились с Борисом Ельциным", Русская линия, 2007-04-25. diaksès tanggal 2007-07-17. (Russian) 
  2. ^ Starobin, Paul. "The Accidental Autocrat", The Atlantic Monthly, March 2005. diaksès tanggal 2007-07-17. 
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Boris_Yeltsin&oldid=822716"