Bob Hasan
|
Bob Hasan
|
|
![]() |
|
|
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 16 Maret 1998 – 21 Mei 1998 |
|
| Pejabat sadurungé | Tungki Ariwibowo |
| Pengganti | Rahardi Ramelan |
|
|
|
| Lair | 1931 |
| Kabangsan | Indonesia |
| Agama | Islam |
Mohammad (Bob) Hasan (lahir tahun 1931 ing Semarang).[1] Bob Sadino iku salah sijiné pengusaha lan nate mengku jabatan minangka Menteri Perindustrian dan Perdagangan Indonesia ing Kabinet Pembangunan VII.[1] Bob Hasan iku warga Indonèsia katurunan Tionghoa.[1] Bob Hasan ngugemi agama Islam. [1]Jeneng liyané Bob Hasan yaiku The Kian Seng.[2] Wiwit cilik, Bob Hasan wis dirumati lan dadi anak angkat Jenderal Gatot Subroto.[1] Jeneng Bob Hasan misuwur amarga bisnis kayu-kayuan kang ditegori saka alas-alas tropis.[1]
Bob Hasan uga tau dadi ketuwa PASI (Persatuan Atletik Seluruh Indonesia), lan IAAF (International Associations of Athletic Federation). [1] Bob hasan tau éntuk penghargaan prestisius Kalpataru ing taun 1997, ananging Bob Hasan uga diarani ngrusak lingkungan karo pihak liyané.[1] Bob Hasan tau dipenjara ing penjara Nusakambangan.[1] Bob Hasan iku salah sijiné pengusaha lan mantan Menteri Perindustrian dan Perdagangan ing jamane Kabinet Pembangunan VII nalika taun 1998.[1] Saliyané dadi pengusaha, Bob uga aktif ing bidang olahraga.[1] Bob isih dipercaya dadi pemimpin Pengurus Besar Persatuan Atletik Seluruh Indonesia (PB PASI) nganti taun 2008.[1] Bob nyekel jabatan nganti pitung taun wiwit taun 1976.[1] Bob Hasan uga tau dadi ketuwa PASI (Persatuan Atletik Seluruh Indonesia) lan IAAF (International Associations of Athletic Federation). [1]
Chatetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
