Bipasha Basu
| Bipasha Basu | |
|---|---|
Bipasha Basu ing paluncuran èdhisi panutup Filmfare nalika sasi April 2009. |
|
| Lair | 7 Januari 1979 (umur 33) Why John didn't attend Bips birthday?. Indiaglitz. URL diaksès tanggal 13 June 2011 New Delhi, Delhi, India |
| Pakaryan | Film actress, model |
| Website BipashaBasunet.com |
|
Bipasha Basu (basa Hindi: बिपाशा बसु , Bengali: বিপাশা বসু; 7 Januari 1979 (umur 33)), dhèwèké kuwi aktris Bollywood, saka India.[1] Kariré ing donya hiburan kang anggawé jenengé kondhang kuwi ora sengaja dijajal liwat donya modhèl dadi pagawéyan tambahané, amarga sabeneré Bipasha kang akrab diundang Bips iki rencanané bakal njupuk pendhidhikan kadhokteran.[1] Pasuryané kang ayu lan postur awaké kang dhuwur ndhukung kanggo kariré ing donya hiburan.[1]
Dhèwèké menangaké kontès supermodhèl Ford Godrej Cinthol nalika taun 1996.[1] Kamenangan iki dadi gerbang anggoné dhèwèké maju lan suksès ing donya modhèl ing umur 17 taun. [1] Bips uga nyoba nyemplung ing donya film mèluni dhebuté ing "ABBAS MUSTAN'S AJNABEE" kang dibintangi bebarengan karo aktor, Akshay Kumar, Bobby Deol, lan Kareena Kapoor. [1] Film sawisé kuwi dhèwèké mainaké peran ing film kang judhulé "TELUGU" lan "RAAZ" ing taun 2002.[1]
Bips olèh bebungah dadi aktris anyaran paling apik ing ajang "Filmfare Awards" liwat film kang judhulé "RAAZ".[1]
Ora mung kuwi, Bips uga dadi modhèl vidhéo klip.[1] Bips mbintangi lagu "Sonu Nigam, Tu". [1] Bips uga dadi bintang utama ing vidhéo klip "Stolen" penyanyi Inggris kang lairé ing India, Jay Sean. [1] Ora mung kuwi, panampilané ing lagu "Beedi", soundtrack film "OMKARA" anggawé dhèwèké tambah kondhang.[1]
Ayuné Bips kang èksotis anggawé kalawarti Inggris, "Eastern Eye" njuluki dhèwèké dadi artis paling sèksi seAsia ing taun 2005 lan 2007.[1]
Bips kuwi artis kang ora seneng gonta -ganti pacangan.[1] Sawisé dhèwèké njalin kasih karo Dino Morea, aktor enom anyaran, Bips uga tau anduwèni hubungan karo aktor gagah, John Abraham, kang tau dadi lawan mainé ing film.[1][2] Padahal mbiyèné Publik India tepung karo pasangan mau dadi pasangan super amarga hubungané kang suwé.[2] [1]