John Abraham
| John Abraham | |
|---|---|
Abraham in 2009 |
|
| Lair | 17 Desember 1972 (umur 40) Mumbai, Maharashtra, India |
| Pakaryan | Actor lan Modhèl |
| Website johnabraham.com |
|
John Abraham yakuwi aktor film lan modhèl saka India kang lair tanggal 17 Desember 1972 (umur 40).[1] dheweké miwiti kariré dadi model, John Abraham dadi salah sijining artis kang paling laris ning India.[1] Saka model dheweké ngembangaké kariré dadi artis.[1] Film JISM dadi film kaping pisan kang diperanaké dening dheweké ning Bollywood.[1] Film kang dirilis nalika taun 2003, anggawe dheweké dadi artis anyaran.[1] Sawisé kuwi, dheweké main peran ning film kang judulé SAAYA nalika taun 2003 lan film romantis PAAP.[1] Film-film kasebut lumayan sukses ning pasaran.[1]
Nalika taun 2005, liwat film kang judulé WATER, jenengé ora namung kondhang ning India, ananging uga kondhang ning njoba India.[1] Ora namung kuwi, film kasebut uga bisa dadi nominasi ning kategori Best Foreign Language Film nalika ajang Oscar ke-79.[1]
Ora namung njegur ning donya akting lan model, manta pacangané aktris India Bipasha Basu kuwi uga laris dadi bintang iklan.[2][1] Amarga nyadar menawa dheweké bisa kapan wae bubar ning pagaweané saiki, dheweké kang kondhang dadi priya paling seksi versi E! News miwiti donya bisnis.[1] Salah sawijining pagawean anyaré yakuwi dadi produser film sarta mbuka bisnis fashion, karo ngetokaké produk gaweané dhewe, JA.[1]
Dheweké priya gagah kang anduweni otot.[2] Dheweké ora nyenengi tato, dheweké ngangep menawa tato kuwi ngerusak awaké lan ngelarani.[2] Abraham nentang terang-terangan kabeh aksi kang ana hubungané karo kang ngerusak awak, kayata anggawe tato ning awak.[2] Anggawe tato ning awak bisa anggawe efek liya ning awak, dheweké wegah menawa lara amarga tato.[2] Kanggo dheweké, awak kuwi aset kanggo kabeh manungsa kang kudu dijaga saapik-apiké.[2] Dheweké sering olahraga kanggo njaga awaké lan njaga awaké sacara intensif.[2] Dheweké uga jarang nekani acara-acara pesta.[2]