Bhumibol Adulyadej
| YMM Raja Bhumibol Adulyadej |
||
|---|---|---|
| Raja Thailand | ||
![]() |
||
| Raja Bhumibol | ||
| Mréntah | 9 Jun, 1946 - kini | |
| Dipunnobataken | 5 Mei, 1950 | |
| Miyos | 5 Desember 1927 (umur 85) | |
| Pendahulu | Raja Ananda Mahidol (Rama VIII) | |
| Waris | Putera Mahkota Maha Vajiralongkorn | |
| Consort | Permaisuri Sirikit | |
| Yoga | Puteri Ubol Ratana [[Maha Vajiralongkorn|Putera Mahkota Maha Vajiralongkorn]] |
|
| Wangsa | Dinasti Chakri | |
| Bapa | Mahidol Adulyadej, Putera Songkla | |
| Ibu | Sangwal, Bonda Permaisuri | |
Bhumibol Adulyadej (basa Thai: ภูมิพลอดุลยเดช; IPA: pʰu:mipʰon adunjadeːd;
mirengaken) (lair ing Cambridge, Massachusetts, Amérika Serikat, 5 Desember 1927; umur 85 taun) utawi misuwur kanthi gelar Raja Rama IX inggih menika Raja Thailand wiwit 9 Juni 1946 ngantos dumugi samenika.[1] Panjenenganipun kagungan gelar "Ingkang Agung" (Thai: มหาราช, Maharaja).[1] Panjenenganipun dados raja wiwit yuswa 19 taun.[1] Panjenenganipun menika anggota Dinasti Chakri ingkang sekolah ing sekolah Mater Dei (Bangkok).[1] Panjenenganipun menika putranipun Pangéran Mahidol Adulyadej menika nglajengaken sekolah dhasaripun ing Lausanne nalika sepalih anggota kulawarganipun pindhah dhateng Swiss.[1]
Sanajan Bhumibol menika dados raja, ananging panjenenganipun sampun ndhérék ing jagad politik Thailand kalebet krisis politik Thailand ing taun 2005-2006.[2] Panjenenganipun ugi nggadhahi panyurung mbekta negara Thailand dhateng arus démokrasi ing taun 1990-an, sanajan sadéréngipun panjenenganipun naté nyurung rezim militér.[2] Bhimibol ugi ndhérék nyurung nggulingaken perdana mentri Thaksin Shinawatra nalika kudeta Thailand ing taun 2006.[2] Bhumibol menika stunggalipun tiyang sugih, panjenenganipun kathah ngginakaken kasugihanipun kangge mbiyayeni proyék pembangunan utaminipun ing wewengkon-wewengkong ingkang alit.[2] Panjenenganipun kalebet raja ingkang dipunurmati sanget déning kawulanipun. Sasanèsipun dipunurmati, Bhumibul ugi asring pikantuk kritikan, utaminipun saking manca negari.[2]
