Andrewsarchus
| Andrewsarchus Temporal range: 45–36 Ma Eocene |
|
|---|---|
| Siji-sijining tengkorak Andrewsarchus, dipamerake ing American Museum of Natural History ing New York City. | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| ordo: | †Mesonychia |
| kulawarga: | †Triisodontidae |
| Genus: | †Andrewsarchus Pao, 1923 |
| Species | |
|
|
Andrewsarchus (pocapan jroning Basa Inggris /ˌændruːˈsɑrkəs/ AN-drew-SAR-kəs; Andrews + Yunani ἀρχός, "penguasa"), inggih menika salah satunggaling kewan mamalia basal ingkang urip nalika jaman Eocene sawetara 45 ngantos 36 yuta taun kepungkur. Kewan asikil sekawan menika gadhah moncong panjangingkang radi amba, untu ingkang lanthip lan ugi geraham ingkang radi gepeng ingkang ginanipun diprakiraaken kagem nggragoti utawi ngglethak balung. Awit Andrewsarchus namung saged dipuntepangi saking tengkorak lan wrangka ingkang cacahipun sekedhik, taksih dados perdebatan ing antawis para ilmuwan ngenani jinis kewan menapa Andrewsarchus menika. Andrewsarchus dereng jelas peranipun wonten rante makanan. Menapa Predator aktif, menapa pamangan bangke. Andrewsarchus menika dijenengi mekaten amargi dipundadosaken dedikasi dhumateng salah setunggaling panjlajah lan pamburu fosil ingkang tinepang sanget, Roy Chapman Andrews. Andrewsarchus dipuntemokaken ing wulan Juni 1923 dening Kan Chuen Pao, salah satunggaling anggota tim ekspedisinipun Andrews, ing salah sawijining situs ingkang wonten ing Gurun Gobi, Mongolia ingkang langkung terkenal kanthi jeneng Irdin Mahna [varian: Erdeni-Mandal lan Erdenmandal ('mandala sing duwe perhiasan') ing ekspedisi Asiatik kaping tiga ingkang dipun pandhegani dening Andrews lan disponsori dening Musium Sejarah Alam Amerika. Sakmenika wonten musium menika wrangkanipun Andrewsarchus dipajang:rahang ngandhap boten katemokaken. [1] Andrewsarchus dipun lebetaken ing klasifikasi jenis Mesonychia ingkang ngrujuk saking struktur badanipun ingkang sami inggih menika dipun tingali saking struktur untu lan balungipun andrewsarchus dipun bandhingaken kaliyan spesies Mesonychia ingkang nate dipuntemokaken komplit. Sanajan mekaten, kathah katrangan menika namung adhedhasar saking publikasi Osborn piyambak lan boten wonten katrangan saking referensi sanesipun. Panaliten ingkang langkung enggal nedhahaken bilih Andrewsarchus boten anggadhahi afinitas Mesonychid khusus, kalebet pangelompokanipun kaliyan jinis klad artiodactyl. Panci saking salah satunggaling paneliten (Spaulding dkk..) nemokaken menawi boten namung mirip kaliyan Entelodont, nanging ugi minangka kerabatipun Cetacodonta ing jenis Cetacodontamorfa.[2]
[sunting] Cathetan Suku
[sunting] Deleng Uga
- Artistic reconstruction by John Sibbick. Seniman nedhahaken yen creodont Sarkastodon ing wingkinge, ngentosi Andrewsarchus rampung mangan ing sesuketan of a recently deceased Embolotherium. The dead brontothere shown would have been about the size of a modern rhinoceros. A primate can be seen on a tree branch, and an early member of Carnivora, which eventually became the dominant land predators, is seen in the foreground.
- Patung Andrewsarchus ing Museon of the Netherlands
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.