Alfonso de Albuquerque

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Alfonso d'Albuquerque

Afonso de Albuquerque (uga diéja Afonso d'Albuquerque utawa Alfonso de Albuquerque; Alhandra, Portugal, 1453 - Goa, 16 Desember 1515) iku sawijining pelaut Portugis misuwur sing duwé peran jroning pambentukan Pamaréntahan Kolonial Portugis ing Asia.

[sunting] Awal Urip

Lair ing Alhandra nalika taun 1453,[1] ing cerak kutha Lisbon, Portugal, panjenengané ing sawijining mangsa ditepungi minangka The Great, The Caesar of the East lan minangka The Portuguese Mars. Bapané, Gonçalo de Albuquerque, Lord of Vila Verde dos Francos (sing palakrama karo Leonor de Menezes) mengku posisi sing cukup wigati ing pamaréntahan. Saka bapané uga panjenengané duwé gandhèngan getih/katurunan karo keluwarga karajan Portugal. Panjenengané éntuk pendhidhikan jroning babagan matématika lan Latin Klasik nalika mangsa kakuwasan Afonso V saka Portugal, lan sawisé patiné bangsawan iku, panjenengané kayané nyambut gawé ing Arzila, Morocco kanggo sapérangan wektu. Ing wektu iku panjenengané bali lan ditunjuk minangka estribeiro-mor (kepala penaséhat) kanggo João II saka Portugal.

[sunting] Réferènsi

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Alfonso de Albuquerque ing Wikimedia Commons.
  1. (1 Desember 1996) Albuquerque, Afonso de (in English). Houghton Mifflin. diaksès 20 Oktober 2006.


Tokoh Penjelajah Laut
Vasco da Gama - Bartolomeu Dias - Christopher Columbus - Marco Polo - Henrique sang Navigator
Alfonso de Albuquerque - Ferdinand Magellan - James Cook - Walter Raleigh - Cheng Ho - I Ching
Hernán Cortés - Gonzalo Jiménez de Quesada

Cithakan:Portugal-bio-stub

Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès