Adas

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Wikipedia:Maca kothak taksonomiMaca kothak taksonomi
Adas
Adas, dari Koehler
Adas, dari Koehler
Klasifikasi èlmiah
Karajan: Tetanduran
Divisio: Magnoliophyta
Kelas: Magnoliopsida
Ordo: Apiales
Familia: Apiaceae
Genus: Foeniculum
Spesies: F. vulgare
Jeneng binomial
Foeniculum vulgare
Mill.

Adas utawa adas pedhes (Foeniculum vulgare Miller, suku adas-adasan utawa Apiaceae) wis suwé ditepungi minangka salah siji komponen pangobatan tradhisional. Minyak adas sing diakandhut wijiné dadi salah siji komponen lenga telon.

Adas asalé saka dhaérah Segara Tengah wétan (Italia mangétan nganti Suriah).

Tuwuhan awujud herba sing ambuné wangi, awarna ijo nom, tegak, lan dhuwuré bisa nganti rong meter. Godhong tuwuh nganti 40 sentimeter dawané, awangun pita, kanthi sègmèn pungkasan awangun rambut, kira-kira ambané 0,5mm. Kembang sing diasilaké ing pucuk tangkai yakuwi kembang majemuk sing diameteré 5 nganti 15cm. Saben bagéyan umbel nduwèni 20-50 kuntum kembang kuning sing cilik banget ing pedikel-pedikel sing cendhak. Woh é awujud wiji garing saka 4 nganti 9 milimeter dawané, kanthi ukuran amba separo dawané, lan nduwèni alur. Wijiné sing digaringaké dikenali minangka wiji adas.

Godhong adas dipigunakaké minangka panganan é larva spesies Lepidoptera, klebu rama-rama Mouse Moth (Amphipyra tragopoginis) lan Anise Swallowtail (Papilio zelicaon).

Adas uga minangka salah siji komoditi ekspor.

[sunting] Galeri

Cithakan:Tanduran-obat-stub

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Adas"