Èlmu alam
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Istilah èlmu alam (natural science) utawa èlmu pengetauan alam iku èlmu ngenani aspèk-aspèk fisik & nonmanungsa bab Bumi lan alam sekitaré. Èlmu-èlmu alam mbentuk landhesan kanggo èlmu terapan, sing kekaroné dibédaaké saka èlmu sosial, humaniora, téologi, lan seni. Matématika ora dianggep minangka èlmu alam, nanging digunaaké minangka penyawis alat/prangkat lan rangka kerja kang digunaaké ing èlmu-èlmu alam. Istilah èlmu alam uga digunaaké kanggo ngenali "èlmu" minangka dhisiplin kang nurut métode ilmiah, béda karo filsafat alam.
Saliyané panggunaan sacara tradhisional kaya ing ndhuwur, saiki istilah "èlmu alam" sok digunaaké nyeraki teges kang luwih cocok ing pangertèn sadina-dina. Saka tingalan iki, "èlmu alam" bisa dadi teges alternatif kanggo biologi, katut ing prosès-prosès biologis, lan dibédaaké saka èlmu fisik (kakait karo hukum-hukum fisika lan kimia kang ndhasari alam semesta).
[sunting] Èlmu-èlmu alam
[sunting] Pirsanana uga
[sunting] Pranala njaba
- Ilmu-ilmu alam di Universitas Cambridge
- Sejarah Ilmu dan Teknologi Mutakhir
- Ulasan Buku-buku mengenai Ilmu Alam
| Cabang utama ing Èlmu alam |
|---|
| Astronomi | Biologi | Èlmu bumi | Fisika | Kimia |