Yeb Saño

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Naderev Yeb Madla Saño yaiku Ketua Tim Negosiasi Filipina. Yeb kudu nggunem ana ing Konferensi Perubahan Iklim PBB, ing Warsawa, Polandia tahun 2013. Padahal wektu iku dhèwèke isih ana ing suasana duka amarga kampung halaman bapake, Taliban, Filipina, kena bencana Topan Haiyan, badhai paling kuat sak dawane sajarah ing Filipina[1]. Amarga badhai Haiya iku mau, akeh korban sing padha těwas luwih saka 6000 wong, 1800 wong ilang lan luwih saka sayuta wong kelangan panggaweane. Iku sing memotivasi  Yeb supaya nglakoni kampanye iklim lewat organisasi gedhé iki.

Kauripan[besut | besut sumber]

Yeb lahir ing keluarga kang révolusiinaris banget. Wong tuane nentang pemerintahasn Ferdinand Marcos, lan bapak dan ibune banjur dipenjara. Awit umur welasan taun Yeb rajin maca buku-buku kang disingidake bapake. Senajan ibuké kuwatir marang dhèwèké , nanging Yeb terus èling pituture bapaké yaiku "yen ana wong ning sebrang pager digebugi lan dhéwé  meneng waé ana ing pager, dhéwé luih ala ketimbang karo wong sik gebugi "

Sakdèrèngé terjun ana ing macem-macem organisasi masyarakat sipil, Yeb makarya ana ing pemerintahan kanggo isu-isu perubahan iklim. Yeb aktif merjuangake kanggo lingkungan awit dhèwèké dadi mahasiswa. Dhèwèke gabung marang Word Wildlife Fund sasuwine 14 tahun awit 1997. Dhèwèké banjur ngemban tugas dadi Komisioner Perubahan Iklim Filipina. Dhèwèke dikenal akeh wektu dadi Ketua Tim Negosiasi Filipina ana ing Konferensi Perubahan Iklim NFCCC.

Awit Februari kapungkur, Yeb terus ana ing kapal Greenpeace Rainbow Warrior kanggo nglakoni pelayaran kampanye awit saka Filipina Nganti muteri dalan Indonesia. awal taun 2014, Yeb melu ana ing kampanye kapal Greenpeace, Esperanza nuju kutub utara, Arktik, jelang konfèrènsi iklim ana ing Paris. konfèrènsi ing Paris gawé sejarah wektu kabèh negara anggota Kerangka Kerja PBB ana ing Konvensi Perubahan Iklim sarujuk marang Kesepakatan Paris (Paris Agreement). Dokumèn iku ngèmut tékad dunia global nahan munggahé suhu Bumi sakngisore 2 derajat celcius lan ngupayakaké suapaya munggah maksimal 1,5 derajat celcius ing 2050. Ngacu karo suhu rata-rata global sakdèrèngé éra industri.

Isu-Isu Kampanye[besut | besut sumber]

Isu kampanye akeh wernané antawisipun polusi, keadilan iklim, alas lan terumbu karang. Yeb uga medun ana ing dhasar laut ana ing Raja Ampat mbentangake spanduk kang isine ruh-aruhan kanggo nglindhungi lan nylametaké terumbu karang lan laut saka polusi. Minangka dadi Dirèktur Èksekutif Greenpeace Asia Tenggara awit Januari 2016, Yeb prihatin marang implementasi Kesepakatan Paris kang wus mlaku siji setengah tahun. Miturut dhèwèké, siji-sijine cara kang bisa ngatasi ubahé iklim yaiku nganggo ngadakakè transformasi insfrastruktur ènèrgi. Kampanye iku mau isinipun warna-warna kaya ta GRK, kelapa sawit, batu bara, lan sampah plastik. Yeb ngakoni, isu kui mau kudu ditangani ngati“ supaya ora dadi ala. Produk klapa sawit ngandung ana ing plastik, permen karet, minyak goreng, shampo lan sabun.

Saka Tinjauane pungkase, amung sekitar 50 perusahaan kang tanggung jawab marang luwih separo penyebab panasing global. Padahal perusahaan kudune wus ngerti lan paham bab perubahan iklim, nanging meréka terus nggawé produk saka minyak lan gas, lan saiki uga kelapa sawit.

Isu penting liya, greenpeace mènèhi kawigatosan khusus marang isu laut sehat. separo populasi Asia Tenggara gumantung ana ing laut kang dadi sumber pangan lan sumber kauripan. Isu kang pungkasan yaiku sampah plastik. China sumber utama sampah plastik marang lautan, disusul Indonesia, Filipina, banjur Thailand. Saliyane iku mau, pemerintang kang kedah tanggung jawab, perusahaan kang ngetokake sampah plastik pun uga kedah tanggung jawab, ujar Yeb.

Sakliyane iku mau, Yeb uga prihatin marang mapira-pira negara Asia Tenggara amarga isih ambangun pembangkit listrik tenaga batubara. Ing Indonésia, awit saka rancangan pembangunan pembangkit 35 giga waat, sekitar 47 persen nggunakake batubara.

proyek pembangunan batubara kang dadi sumber energi kanggo listrik, isih ngèmutaké ana ing 20-30 taun kang teka.

Isu Sentral Kauripan[besut | besut sumber]

Yeb ngèmutake, perubahan iklim iku mau yaiku isu sentral kauripan, amarga ora ana bidang kauripan kang bakal luput saka dampaké. "Akèh isu global, kamiskinan, lan sapiturute dirèmèhake dèning pemerintah. ananging pemerintah kudu menehi kawigatosan marang perubahan iklim. Yen ora, dampaké bakal tambah mbebayani lan asil panggawéan mau bakal ora ana artine babar-pisan. Aku wus berjuang keras kanggo perubahan iklim iki", tegas Yeb.

Minangka dadi aktivis, Yeb ngarepaké banget, komunitas sipil iku mau dilibataké marang ana ing implementasi NDC kaya ta wektu prosès négosiasi ing level global kang nglibataké sacara intèns dèning masyarakat sipil. Faktané, ana ing implementasi, kaya-kaya ora ana kaitané marang guneman ing tingkat global ing UNNEC, kang nglibataké masyarakat sipil isih kurang. Ujare

Yeb iku salah siji saka aktivis kang banget nyuarakaké bab kang ora adile iklim. ing Filipina, dhèwèke nggawé petisi marang 47 perusahaan batubara lan minyak kang ditemokaké ora ana kaitané marang hak asasi manusia amarga dampak perubahan iklim. Kanggone Yeb iku jelas banget, yen isu perubahan iklim kui isu kang ora adil. Lan baginé Yeb, 1.500 km yaiku cocok kanggo iku mau.

Rèferènsi[besut | besut sumber]

  1. Laksmi, Brigitta Isworo (2018-06-22). "Yen Saño Berjalan Kaki 1.500 Km until Perubahan Iklim".