Wayang Wong Sriwedari


Wayang Wong Sriwedari yaiku salah sawjining pakumpulan wayang wong sing ana ing Kutha Surakarta. Pakumpulan iki wiwit madeg saka taun 1911 Maséhi, karipta déning para seniman wayang wong Pura Mangkunegaran amarga anané krisis dana praja (keuangan) nalika Kanjeng Gusti Adipati Mangkunegara V jumeneng sing njalari para seniman wayang wong dipènsiyunaké. Para seniman iki nglakoni péntas saka kampung menyang kampung liyané, banjur dibiyantu salah sawijining wong Cina sing jenengé Gan Kam. Dhèwèké wènèh pambiyantu awujud nyéwakaké salah sawiji gedhong ing Taman Sriwedari kanggo péntas wayang wong.
Wayang Wong Sriwedari saya suwé saya kondhang sabanjuré kasiyarna lumantar Solosche Radio Vereeniging wiwit taun 1926.[1]
Pangrembakan
[besut | besut sumber]Ing warsa 1980-an, nalika Wayang Wong Sriwedari isih ana ing masa puncak-puncake, banjur sawisé taun-taun sangarepé, wong-wong mulai malih karo hiburan liyane kayata televisi lan bioskop.[2]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Ginting, Maria Teta (2024-01-26). "Mengenal Sejarah dan Keunikan Wayang Orang Sriwedari, Seni Pertunjukan Khas Kota Solo". Dibukak ing 2024-12-06.
- ↑ Azhari, Deasy (2015-06). "Eksistensi Wayang Orang (Studi Deskriptif Eksistensi Kelompok Wayang Orang Sriwedari Surakarta, di Surakarta)". AntroUnairdotNet. 4: 175–185.
{{cite journal}}: Check date values in:|date=(pitulung)