Trombofilia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sesawangan sèl getih kang nandang trrombofilia

Trombofilia ya iku kahanan ing awak nalika getih cepet njendhél. trombofilia uga ditepungi minangka lara getih kenthel. Getih kenthel iki asring ditémoni ing véna utawa jeneng umumé deep vein thrombosis. Trombifillia bisa kadadeyan ing artéri utawa véna. Ing artéri (pambuluh nadi) iki minangka panyalur getih kang duwé ancas kanggo ngedharaké getih saka jantung menyang organ-organ awak. Déné véna (pambuluh balik) minangka payalur getih saka organ awak tumuju ing jantung ménèh. Jendhelan getih iki uga bisa kadadeyan ing peranganing awak liyané kaya ta uteg lan jantung saéngga bisa nyebabaké stroké utawa serangan jantung ing umur kang enom. Prastawa iki gegayutan karo getih kang ora normal kaya ta kakèhan sèl getih abang (polisitemia) utawa kakèhan sèl trombosit (trombositosis utawa trombositemia), pandelahan katup jantung mekanis, utawa protèin lan antibodi  kang ora wajar. Saliyané iku, trombofilia nduwéni résiko nggawé perkara ing wong meteng kaya ta kaguguran utawa preeklamsia.[1]

Pratandha[besut | besut sumber]

Lelara iki wanci wiwitan ora nduweni pratandha kang wigati ananging getih kang kenthel bisa mbebayani tumrap kasarasan. Pratandha kang dirasakaké dening panandang iku kaya tungkak kang abuh lan lulang kang rada kaabang-abangan. Menawa patandha komplikasi kaya ta emboli paru yaiku wanci grenjelan getih ucul saka artéri paru-paru. Pratandha kang métu ya iku lara ing bagéyan dhadha, lara nalika watuk, sesek napas utawa mengi, lan malah kesadharan kang mudhun nganti semaput. Lelara iki bisa dadi komplikasi lan mbebayani nyawa panandang.[2]

Pratandha saka perangan awak kang kena ya iku:

  • Lengen lan sikil: krasa pegel, keju, panas lan bengkak.
  • Weteng: krasa kepingin mukok, méncrèt, lan wetengé lara.
  • Jantung: ambegan cendhèk-cendhèk, eneg, mumet, kringeten, lan lara dhadha.
  • Paru-paru: ambegan cendhèk-cendhèk, mumet, awak mriang, watuk getih, dhadha dheg-dhegan lan lara dhadha.
  • Uteg: kurang wasis anggoné micara lan ndeleng, mumet sarta lara sirahé.

Jalaran[besut | besut sumber]

Pratandha sikil kena trombofilia

Trombofilia ana amarga ana ora seimbangé zat kang dikandhut awak sing duwé paraga ing proses pangukudan getih. Pangenthelan getih iki dumadi mawa faktor  genetik  (katurunan) lan bisa uga saka faktor  eksternal. Panandang kang wong tuwané nandang  trombofilia duwé kamungkinan gedhé uga nandang trombofilia. Salah sijiné amarga faktor genetik kang diwarisaké (héréditer) kang duwéni jinis-jinis ya iku:

  • Defisiénsi protèin C, protèin S, atau anthitrombin III. Protèin C, protèin S, dan anthitrombin III minangka zat alami saka awak kang duwéni sipat antikoagulan utawa duwéni paraga nalika pangukudan getih. Nalika zat-zat iku gunggungé kurang, tembé bangukudan getih uga kaganggu. Prastawa kasebut uga bisa disebabaké lelara kaya déné gagal ginjel.
  • Protrombin 20210. Protombin minangka protèin kang ngewangi proses pangukudan getih, menawa protombin iki cacahé kakehan, malah ningkataké pangukudan getih.
  • Faktor V Leiden. Faktor iki uga tipé trombofilia kang disebabaké genetik nanging mapané beda.

Sakliyané jalaran faktor katurunan, trombofilia uga disebabaké faktor liyané  kaya ta:

  • Kanker
  • Obesitas utawa kaluwihan boboté awak
  • Anémia sèl sabit utawa anemia hemolitik
  • Dhiabetes utawa lara gula
  • Imobilisasi utawa ora obah ing wektu sing suwé
  • Tambahing umur
  • Meteng
  • Radhang ing awak
  • Panganggonan pil KB
  • Lagi térapi hormon
  • Ngerokok

Pangenthelan getih iki uga bisa ditandhang ing wong kang bubar operasi. Kadadeyan iki disebabaké amarga wong iku arang obah kamangka wong sing bubar operasi mbutuhaké paling sithik telung dina kanggo pulih. Wong kang nindakaké plesir kang adoh uga arang obah, dadi bisa uga kena lelara iki.[3]

Tamba[besut | besut sumber]

Panganggonan obat biasané nduwèni ancas kanggo komplikasi trombofilia kaya ta deep vein thrombosis atau emboli paru. Obat kang digunakaké kanggo nambani pangukudan getih kang luwih saka awak ya iku obat pangencer getih kaya ta warfarin atau heparin.

Warfarin minangka obat pangencer getih kang akéh duwéni daya pangaribawa saka panganan sing dipangan lan ombénan kang diombé. Supaya mertamba luwih èfèktif , dhokter bisa nambah uwata nyuda dhosis warfarin kang dijumbuhaké saka asil tès getih INR. INR duwé piguna kanggo nyegah pambentuking grenjelan getih menèh.

Heparin minangka suntikan kang bisa cepat reaksiné. Heparin aman disuntikaké manyang wong meteng lan wong babaran kang nyusoni bayi.

Sakliyané suntikan warfarin lan heparin, ana uga obat oral antikoagulan. Obat kasebut diwènèhaké kanthi dhosis kang pas lan ora mbutuhaké pawawangan kaya warfarin. Ananging obat kasebut ora cocog diombé wong meteng lan wong nyusoni sarta diarahaké dening dhokter spèsialis.

Nyegah[besut | besut sumber]

Kanggo nyuda risiko nandang pangenthelan getih iki ana cara-cara kang bisa ditindakaké kaya ta:

  • Njaga bobot awak tetep pas lan ora kelemon.
  • Ora ngerokok.
  • Mangan panganan kang duwé gizi lan ngombé banyu putih kang cukup.
  • Nindakaké ulah raga.
  • Ngecèk kasarasan rutin.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Willy, Tjin (2019-08-06). "Trombofilia, gejala, penyebab dan cara mengobati". Alodokter. Dibukak ing 2019-12-31.
  2. Nurin, Fajriana (2016-09-22). "Trrombofolia darah kental hiperkoagulasi". Hello Sehat. Dibukak ing 2019-12-31.
  3. Putri Nugrahanti, Amanda (2011-03-03). "Trombofilia bisa berakibat fatal". Kompas. Dibukak ing 2019-12-31.