Menyang kontèn

Tembé buri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Limas wektu iku limas beton kang durung rampung. Amarga siji blok mung dipasang saben 10 taun, diprakirakaké bakal rampung ing taun 3183.

Tembé buri, uga diarani tembé bésuk utawa tembé ngarep yaiku wektu sawisé tembé kapungkur lan tembé saiki. Tekané dianggep ora kaéndhakaké amarga anané wektu lan ukum fisika. Amarga sipat kasunyatan kang katon lan tembé buri kang ora kaendhakaké, samubarang kang saiki ana lan bakal ana bisa dikategorèkaké minangka langgeng kang tegesé bakal ana salawasé utawa sawatara kang tegesé bakal ana pungkasané.[1] Ing sawangan Kulonan kang anggunakaké konsèpsi wektu linièr, tembé buri yaiku bagéan garis wektu proyèksi kang diprakirakaké bakal kadadèn.[2] Ing rélativitas kusus, tembé buri dianggep tembé buri mutlak utawa krucut cahya tembé buri.[3]

Ing pilsapat wektu, presentisme yaiku kapitayan yèn mung tembé saiki kang ana lan tembé buri sarta tembé kapungkur ora sunyata. Agama animbang-nimbangaké tembé buri nalika angrembug prakara-prakara kaya ta karma, kauripan sawisé pati, lan èskatologi kang anyinaoni babagan pungkasané jaman lan pungkasané donya. Tokoh agama kaya ta nabi lan paramal angaku weruh tembé buri. Pasinaon tembé buri utawa futurologi iku èlmu, kagunan, lan praktèk kanggo andalilaké kamungkinan tembé buri. Praktisi modhéren anandhesaké wigatiné tembé buri pilalah lan jamak, timbang siji tembé buri monolitis, lan kawatesé prakiran lan kamanawan, tinimbang panggawéan tembé buri kang bisa lan luwih apik. Predeterminisme yaiku kapitayan yèn tembé kapungkur, saiki, lan buri wis ditetepaké.

Konsèp tembé buri wis dijlajahi kanthi jembar ing pangasilan budaya, kalebu obahan lan ilèn kagunan kang dikususaké sakabèhé kanggo panggenahané, kaya ta obahan futurisme abad kaping 20.

Delengen uga

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Encyclopædia of religion and ethics. Edinburgh: T. & T. Clark. pp. 335–337.
  2. Moore, C.-L. & Yamamoto, K. (1988). Beyond words: movement observation and analysis. New York: Gordon and Breach. p. 57. (cf., The representation of time as a linear, unidirectional progression is a distinctly Occidental point of view.)
  3. Eddington, A. S. (1921). Space, time and gravitation; an outline of the general relativity theory. Cambridge: University Press. p. 107.

Cithakan:Rembug wektu Cithakan:Fiksi èlmiah Cithakan:Wilah dulur